UDAN

    kapacak uga ing 

Ing madyaning ratri,
sidhem tanpa swara dènya sami,
pra jalma dalah pra wak mami,
ing tilamrum maksih anggegilut impi.

byurrr!..... glegerr!!.... byarr!!....
dumadakan keprungu swara nggegirisi,
gragap tangi pra kadang sadarum,
krekep mancal kemul bola-bali,
krasa kekes rumasuk tumeka ing balung sungsum.

udannn..... datan kendhat sedina muput,
sing prayoga ayo padha gumbrégah,
énggal tumandang kanthi kasengkut,
darmaning kulawarga wus panggah.

JM, parak ésuk 251016
          - eNPe -

Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊