BABAD GURU lan MURID
Ana salah sijine murid kang sandhangane katon reged lan awud-awudan.
Bocah iki lungkrah asring telat lan wegahan / kesed sarta ngantukan ing jero klas.
Nalika sakabehing murid liyane padha ngacungake tangan mangsuli pitakon-pitakonan sang guru, bocah siji iki ora nate ngacungake tangane.
Guru iku nyoba upaya, nanging nyatane ora bisa nyenengi bocah mau. Lan embuh kapan wiwite sang guru iku dadi sengit marang bocah iku. Nalika tengah semester, guru iku nulis ing rapot apa anane bab ala lan kakurangane bocah iki.
Sawijining dina sang guru nyumurupi cathetan ing rapote bocah iki nalika isih klas 1.
Ing kono tinulis : “Ceria, menyukai teman-temannya, ramah, bisa mengikuti pelajaran dengan baik, masa depannya penuh harapan,”
Sang guru batin, ".. iki mesthi kleru, aja-aja iki cathetan kanggo murid liyane.." karo ambacutake mirsani cathetan sabanjure ing rapot bocah iki.
Ing cathetan klas 2 tinulis,
“Kadang-kadang terlambat karena harus merawat ibunya yang sakit-sakitan,”
Ing klas 3 semester siji tinulis,
“Sakit ibunya nampaknya semakin parah, mungkin terlalu letih merawat, jadi sering mengantuk di kelas,”
Ing klas 3 semester pungkasan tinulis,
“Ibunya meninggal, anak ini sangat sedih terpukul dan kehilangan harapan,”
Ing cathetan rapot klas 4 tinulis,
“Ayahnya seperti kehilangan semangat hidup, kadang-kadang melakukan tindakan kekerasan kepada anak ini,”
Dhegg!... sang guru krasa sesek dhadhane krasa trenyuh lan ora bisa mbendung tetesing eluh, dheweke wus ndakwa lan ngecap yen bocah iku kesed, kamangka lagi ngalami kasedhihan lan kasangsaran sing abot sanggane…
Sanalika sang guru wiwit kawiyak atine lan krasa keduwung.
Sarampunge jam sekolah, guru iku nemoni si bocah iku :
"Bu guru mulang nganti sore ing sekolah, piye yen sliramu uga tetep sinau kanggo ngoyak olehmu kèrèn (ketinggalan, Ind) wulangan, yen ana kang durung ngerti bu guru bisa muruki"
*Sanalika bocah iku katon mesem pipine tandha sumringah*.
*Wiwit iku si murid njur sregep sinaune, karo nggethu mbaleni wulangan-wulangan ing kelas.*
*Sang guru iku ngrasakake kabungahan lan kebagyan nyumurupi dene si bocah iku kanggo sepisanan ngacungake tangane ing kelas. Kapracayan dhiri si bocah wiwit katon*
Ing kelas 6, guru iku dudu wali kelase si bocah iku.
Rikala ing kalulusan, guru iku nampa salembar kartu saka si bocah iku kang tinulis *"Bu guru sae sanget kados ibu kula suwargi, bu guru minangka guru ingkang sae piyambak ingkang nate kula panggihi. Matur nuwun bu guru!"*
Enem taun sabanjure, guru iku nampa kartu pos saka muride mau lan ing kono tinulis,
*"Benjang dinten kalulusan SMA, kula rumaos bagya nggadhahi wali kelas kados Bu Guru nalika kelas 5 SD. Jalaran namung Bu Guru, kula saged nglajengaken pasinaon lan muji sokur kula pikantuk beasiswa ing pasinaon kedhokteran"*
Sepuluh taun wus kapungkur, sang guru iku nampa maneh kiriman kartu saka si murid iku lan tinulis mangkene "*Awit saking keparengipun Gusti lan donga pangestu Bu Guru, kula saged kababar dados dhokter ingkang saged caos sokur lan ngrumaosi sakit. Kula caos sokur awit pinanggih Bu Guru saha ngrumaosi sakit awit nate dipun pilara dening bapak kula.*"
Kartu pos iku katutup ukara,
*"Kula tansah kemutan Ibu Guru nalika ing kelas 5. Bu Guru kadidene dipun utus dening Gusti kangge ngentasaken kula saking jurang kasangsaran. Kula sapunika sampun diwasa saha atur puji sokur ngantos ngrampungaken pasinaon saged kadumugen dados dhokter. Ananging guru kula ingkang sae piyambak inggih namung guru wali kelas nalika kula ing kelas 5 SD"*
Setaun sabanjure, kang tinampa *layang uleman*, ing kono tinulis ukara salarik,
*Kepareng rawuhipun panjenengan kula antu-antu saha Ibu kersa njumenengi ing pawiwahan kula*
*sang Guru iku sanalika ora kuwawa nahan tangis trenyuh lan bagya sokur*
Mugi Gusti tansah anjangkung kita lan adamel sarwa endah ing titi wancinipun,.. Aminn 🙏
Kapendhet lan kajarwaaken saking seratan kintunanipun kadang ing WA grup taun 2018
JM, lingsir kulon, 10318
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar