GURIT DUNGKAP UMUR
Kita..
yaiku..
warga wus satengah umur..
maksih katon cahyaning pasuryan mencutake..
keruting pakulitan wiwit kawistara..
esem kang nengsemke maksih katon..
uga panggah guyon suka renanira..
tetembangan lawas dadi mitranira...
Duksemana menyang pawiyatan bebarengan..
lamun dalaning urip dhewe-dhewe..
.....
Dungkap umur tuwa..
FB/WA dadi talining paseduluran..
srana ambayangake nalika isih padha enome..
Payo kita gegilut bebarengan kanthi sukarena..
sadurunge siji baka siji ngadhep mring Kang Murbeng Gesang..
sadurunge kayekten iki dadi muspra..
Matur nuwun mitraku rikala mudha..
matur nuwun kadangku maksih bisa sesrawungan bareng ndungkap umur tuwa..
kang kebak sih pangapurane lan gedhening rasa paseduluran..
Mugya kita tetep kasinungan sehat.. bagas sarira rahayu kang tansah tinemu..
bagya mulya kasembadan kang kasedya..
masiya dununge ing ngendi bae..
Rumaketana talining silaturahmi ing antaraning kita..
aywa nganti bubrah lan pedhot paseduluran endah iki..
muga Gusti amberkahi kita kabeh.

JM, dungkap esuk, 10317
Komentar
Posting Komentar