AMRIH LESTARINE ALAM

Pracaya iku dhasaring samubarang kang kita arep-arep sarta tetengering samubarang kang ora katon.

   Marga saka pracaya kita sumurup, manawa alam jembar iki wus katitahake dening sabdane Gusti Allah, temahan samubarang kang kita sawang iku wus tumitah saka kang ora bisa kita deleng.

   Samubarang kang ana ing ngalam donya iki katitahake Gusti Allah wus sampurna miturut apa kang dadi kersaNe. Mula wus samesthine kita manungsa kang katitahake luwih dhuwur drajade tinimbang titah liyane dening Gusti Allah anjaga amrih lestarine alam ora malah gawe rusaking alam.

JM, dungkap wengi, 070116
          eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN