GURIT SACANDHAKE

Yagene kaanane praja sangsaya kisruh;
pendhak byar tan nate tentrem;
Samangsa pra jalma dha umyek;
ngayahi darmaning ngaurip;
Ombyaking kadurakan lan kamungkaran;
tan kendhat saka ing paripolahnya.

Kaanane wong iku kaya uwit;
kang tinandur sapinggiring kali;
Kang metokake woh ing kala mangsa;
godhonge tan nate alum gogrog;
Ingambaha reribed ngrepoti;
tansah lestari kang den lampahi.

Tan mengkono mungguh wong duraka;
nanging lir mrambut kabur ing angin;
Ora bisa tulus ing pangadilan;
lan ing pasamuwane para mursid;
Wong mursid rineksa ing Pangeran;
wong ala tumibeng karusakan.

JM, mamring jalma, 080517
               eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN