PITENAH / UJARAN SESENGITAN

Jaman saiki (jaman now) ing donyané politik gampang banget warta-warta apa baé sumebar. Kaya mangkono iku bisa baé kedadéan amarga kamajuan èlmu utamane babagan kawruh panyebaran pawarta wus jamak ing tengahing masarakat. Lha ya kuwi masarakat banjur gandrung padha duwèni tilpun pinter sing tansah ngancani ing paran ana ngendi baé.

Mula rikat banget warta-warta sumebar ing donyané maya ya warta ala lan becik. Warta ala awujud pawarta pitenah antaraning mitra-kadang siji lan mitra-kadang liyane ya mung marga béda aliran politik uga béda keyakinan, béda suku lan béda-béda liyané. Cilakané pawarta-pawarta pitenah awujud ujaran sesengitan / kabencian gampang sumebar liwat mèdsos sing digandrungi masarakat.

Hé para mitra-kadang, aja padha ngrasani lan nenacad liyan! Sing sapa ngrasani utawa netepaké luputé seduluré, ateges nacad lan ngluputaké marang dhawuhé Gusti Allah. Yèn ngluputaké dhawuh-dhawuh mau ateges kita ora sumuyud, nanging malah dadi hakimé.

Mangka sing maringaké dhawuh lan ngadili manungsa kuwi mung Gusti Allah. Ya mung Panjenengané sing nylametaké utawa numpes. Rumangsané kita kuwi sapa jal; kok arep ngadili manungsa sapepadhané?

Mula padha diwaspadakaké hé para mitra-kadang aja gampang anggon kita nampa samubarang warta, murih beciké sinaring dhisik sumber pawartané aja gampang pracaya ngono baé.
Apa sing njalari manungsa padha congkrah regejegan lan tukar padu? Apa ora merga padha seneng ngumbar hawa-nepsu lan mburu pepénginan lan tansah padha golèk senengé dhéwé-dhéwé?

Payo kita padha mulat sarira apa kang wus kita tindakaké iku bener apa durung miturut paugeran sesrawungan masarakat luwih-luwih linandhesan angger-angger pangandikané Gusti Allah .

JM, nggléwang soré, 5318
        déning èNPé

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN