Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2026

KUNJARA BOBROK PANGUPADRAWANE

    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/1DuAaq8DQy/ Tembõk dhuwur pidêkså nanging cêlah mlõmpõng såyå åmbå. Krangkèng wêsi katõn kukuh nanging pranatan gampang dianyang dõl-tinuku sarånå ngeglå lan nglåhå... Ngungkuri lawang wêsi kaadilan kêrêp ilang pênêre. Kang kudune nggulåwênthah manungså eee... malah bukak dalan gawe gêndrå hêêmmm... " Wani pirå?" 🫴🫰 Kunjårå ora amung kanggo ngukum samêsthine kanggo ndandani mental dhiri. Lamun pangupådråwå (panggulawênthah) bõbrõk sing rusak dudu amung tembõk ~~> nanging, bubrahe pangajap murih bali dadi manungså luwih bêcik. ~ lingsir wêngi , 071026 ~             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

BESASIKING LELAMISAN KAURIPAN BANGSA ~puisi keprihatinan~

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14xJ5S74Ptj/ Ing nêgri kang sinêbut mardikå kitå lumaku ing dalan kang pådhå nanging ênêre rasane bedå, sing siji ngoyak kuwåså liyane luru sêgå saêmplõkan. Ing layar, wartå jumêdhul datan kandhêg, dinå iki ribut, esuke gumanti kabênêran campur pamanggih lêlamisan, swårå rakyat amblês ing antarane janji lan napsu. Ukum nyêngkõrõng katõn pidêkså, nanging kadhang jangkahe kråså monga-mangu. Sing ringkih mung gênggêm pangarêpan sêmu, sing roså gênggêm gådå digdåyå, lan kaadilan ngêntèni ing simpangan wêktu. Ing pasar, rêrêgan têrus mrambat jêjogèdan, sawêtårå dhompèt rakyat sangsåyå sêpå. Ing kantõr-kantõr, pådhådene rêbutan kursi, kalênggahan dadi kabõmbõngan, dene amanah lõn-lõnan kalalèkake. Nanging åywå kitå kelangan pangarêpan, sabab wargå nêgri dudu mung såpå kang lungguh ing dhampar panguwåså. Wargå nêgri yaiku kitå rakyat kang isih prêduli, isih wani ngucap kajujuran  lan isih pracåyå yèn nêgri iki biså owah ...

SEGA UDUK PERA KETEMU BUBUR AYAM

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Dcqg8onkZ/ Ing pinggiran dalan ana bakul sega gurih (sega uduk/wuduk) lagi ketemu bakul bubur ayam. Bakul Sega Uduk: “ Mas, buburmu kõk cuwèr nêmên ?” Bakul Bubur Ayam: “ Yå... jênênge bae bubur, mêsthine èncèr. Lha tinimbangane sêgamu kõk atõs lan pêrå ngono? åpå mêrgå kêtigå-kêtigå ngênthak ngene sumurmu kasatan banyu yå?” 🤪 😄 Bakul Sega Uduk: " Åjå ngênyèk Kang, lèhku masak nganggo banyu galõn bebas kuman! Yå... jênênge ae sêgå uduk kudu akas! ” 😜 Bakul Bubur Ayam: “ Lha sêgå uduk kõk rasane kåyå cêngkaruk aliyas sêgå aking kurang banyu?” 🤣 Bakul Sega Uduk: “ Tinimbang buburmu kuwi kõk èncèr bangêt, pitikmu nganti kåyå lagi nglangi !” 😂 Bakul Bubur Ayam: “ Sêgamu kuwi nèk arêp dipangan piye carane kudu nganggo apå jal? ” Bakul Sega Uduk: “ Yåå nganggo sendhõk tå yå, mêsthine !” Bakul Bubur Ayam: “ Ah, ora ngandêl aku… ” Bakul Sega Uduk: “ Njur nganggo åpå jal ?” Bakul Bubur Ayam: “ Nganggo palu ae! Bèn sêgamu ...

RAHARJA lan BUNGAH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1M5sQZXHoE/ Tembung raharja/rahayu lan arsaya/bungah/seneng asring nggadahi teges jumbuh tumraping antawisipun kita. Kalih tembung punika samidene nggadhahi wujud semu ing raos-pangraosing manah. Ananging ing kekalih, sejatosipun wonten bedanipun kang gumathok. Raharja/rahayu dumunungipun sanes ing bagean raos nanging wonten ing salebeting manah ingkang minangka sumber pikir/nalar manungsa. Dene arsaya/bungah/seneng mujudaken punapa kang namung saking kang punraosaken. Kadospundi werdinipun?... Raharja tansah kairing raos tentrem rahayu kebak suka-rena. Dene arsaya/bungah namung kairing raos suka, raos marem kemawon. Bagya mulya utawi raos karaharjan (raharja) limrahipun kairing saking raos puji sokur ing salebeting manah saged anampi punapa kang pungadhahi utawi punapa kang boten pungadhahi, punapa kang pungayuh utawi kang dereng pungayuh, sadaya wau dipun sokuri klawan tulusing manah. Dene arsaya/bungah, kairing sak...