SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/17gVeCiyVo/ (kagugah lan kailhami saka lantunan tembange Ebiet G Ade 1982: "Untuk Kita Renungkan") Ing lêmbah sêpi ijo sinawang sêgêr ing pandulu dak rungu swårå sumilire bayu. Ujare, "wit-wit sing ambruk iku dudu salahku nanging tangismu sing ora tau kêprungu." Gèthèk kadang tani nganggur ing pinggir kali banyune buthêk nggåwå carang kêbak duhkitå. Argå sing gundhul kadyå ndêlêng pasrah karo jêriting ati nlusur jêjaking ulah tangan kitå priyånggå. Oh, sadulurku, åpå kitå isih emut yèn bumi iki sadêrmå titipan Kang Må' Kawåså? yèn alam ngêlus dhådhå, kitå mung biså mrêngut nanging nganti kapan mung kagèt lan kuciwå? Dak rungu bumi sêsênggukan ing satêngahing wêngi, “Aku ora nêsu, mung jèngkèl têrus dicidrani sawise mbesuk båjrå têkå nggåwå bêncånå kitå bingung golèk tumbal sing biså diluputake såpå?" Oh, kadangku, ayo reneå sêdhelå wae ngrêsêpi swårå alam sing suwe ora digape. Yèn kitå ora ngrumat kanth...
Komentar
Posting Komentar