KORUPTÕR BÊNTAYANGAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1DrXEzcVf9/
Koruptõr bêntayangan ing ngêndi-êndi,
nggrõgõti nêgri datan råså doså.
Dhuwit rakyat mbrabas êmbuh mênyang ngêndi,
sawêtårå wõng cilik nyånggå sangsårå mangan-ngombe rêkåså.
Bênêr-bênêr anèh nêgri tinrêsnan iki,
sing adõh dioyak, sing cêdhak êmbuh kênåpå kalalèkake
Sing nyåtå njênggêlêg ing ngarêp mripat kadyå ora ånå åpå-åpå
eee... lha kõk sing samar-samar ing kadõhan malah diubêr-ubêr ora karuan.
Apå pangadêg ukum wus blawur mripate, åpå måtå kudu oprasi katarak, hemm...🥸
åpå wus bênêr-bênêr ilang kakêndêlane❓️⁉️
Hee.... pangadêg ukum,
åjå ngêjarake kaadilan dadi sandiwårå murahan.
Nyåtå-nyåtå korupsi ora mung sadêrmå prakårå ngunthêt dhuwit,
nanging pangkiyanatan! yå... pambalelå bångså!
kang gawe sangsårå sanggyane wargå nêgårå.
Nêgri iki ora kêkurangan paugêran,
nanging sing långkå yåiku kasudiran / kakêndêlan nêtêpake klawan kaadilan sanyåtå!⁉️,
malah mbelå såpå sing wani bayar!⁉️...
'WANI PIRO'??!! ✊️⁉️
~ lingsir wengi, 141026 ~
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar