Postingan

Menampilkan postingan dari 2026

HAKIM LUWIH MILIH NGRUNGOKAKE SwARA JRONING PANGRASANING NALA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DHse59pC3/ Kamar sidhang dikebaki para pamigati kaadilan ukum. Prakara kang digelar dadi kawigatene wong akeh jalaran ana gandhenge karo prakaran juragan sugih lan tukang becak mlarat. Keprungu bisik-bisik, " Ah..., mesthi sing sugih sing bakal menang." Hakim (sabanjure ing kene sinebut Yang Mulya) lumebu ing kamar cengkirang (kw.sidhang) lan miwiti mimpin lumakune sidhang klawan sareh. Sawuse ngrungokake kabeh katerangan, hakim aba-aba supaya maju marang pehak kang lagi prakaran.  SI Juragan, " Yang Mulya, kula gadhah seksi, bukti lan adpokat paling hebat ." Tukang becak mung tumungkul, " Kula namung gadhah setunggal, Yang Mulya ." " Apa iku ?" takone hakim. " Kejujuran !", wangsulane tukang becak. Kamar sidhang sanalika sidhem tanpa sabawa. Hakim bali niti mriksa kabeh bukti. Dheweke nemokake ana sawetara cathetan sing njarag kareka-yasa kanggo nyemoni lan mblawurake bukti. Hakim ...

TUKANG SERPIS MOTOR

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/195x1bEUA1/ Sawijining bingkil cilik pinggir dalan, montire jenenge Udin, kondhang grapyak, trampil lan jujur. Esuk-esuk, ana bapak-bapak nuntun pit motor sing ana swarane " kretek... kretek... brek... brek..." "Mas, tulung mas dibenake , motorku kok unine aneh, ya?" takone si Bapak. Udin mesem karo ngelus janggute lan manggut-manggut, "Wah, niki penyakite awrat, Pak!" "Wadhuh... kudu ganti mesin?" "Boten prelu, Pak!" "Kudu, ngedhunke mesin?" "Boten prelu ugi, Pak!" "Lha... terus piye?" Udin mangsuli kanthi praupan mencureng, "Cobi Bapak copot gantungan kuncine niku. Isinine sendhok, gunting, obeng lsp... niku sing damel nywara-nywara wau, Pak." "Woo... alah, aku ora nglegewa" si Bapak sanalika mesem kecut isin-isin. Durung nganti ngguyu, teka meneh pawongan liya. "Mas, motorku kok abot tarikane ya?" Udin nyoba numpaki pitmo...

MESIN CUCI YASANE BAPAK - pengalaman nyata jaman cilikanku -

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18zGP63rzz/ Aku bener-bener kelingan kahanan omah kulawarga jaman cilikanku kira-kira taun 1960-1970an. Omah prasaja pekarangan amba ana wit pelem ing ngarepan, swara petok-petoke pitik lan kluruke jago saut-sautan sarta ocehane manuk ing wayah esuk gawe regeng. Dina Minggu mujudake dina sing iwed banget, ora marga ana tamu, nanging marga... dina umbah-umbah sandhangan. Nalika semana durung ana sing arane mesin cuci listrik kaya saiki. Nanging babakku pancen remenane othak-athik yasa gawean anyar (kreatip). Saka tilas drum, panjenengane nyulap dadi perkakas nggiling sandhangan aliyas mesin cuci. Tengahe drum dipasangi wesi minangka pusering, pucuke diwangun menggok kaya aksara L wujud engkol kanggo muter. Drum dipapanake ing jagrag kayu sing kuwat. Tumrapku nalika semana isih cilik, alat iku katon kadya mesin ajaib, mbokmenawa cikal-bakal mesin cuci listrik. " Ibu... rasukane apa wis dileboke? ", maturku semangat bange...

WEDHUS BANDHOT 🐏🐑🐏

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18oqJKKH6V/ Ing satengahe pasar kewan, ana pasangan bapak lan ibu lagi arep tuku wedhus kanggo acara sokuran.  Ing kono ana sawijine bakul wedhus lagi nawake dodolane nganggo halo-halo... Bakul wedhus, " Bapak-bapak lan ibu-ibu, niki wedhus bandhot saking Garut kiyat sanget, sedinten saged kaping gangsal kawin kalih babon !". 🙂 Si Ibu karo mesam-mesem njiwit bojone : " Kae lho pak... sedina ping lima, bapak saguh ora.. ? "  Bacute si bakul wedhus, " Bapak lan ibu, lha yen sing niki...  enten wedhus bandhot saking Meduro langkung kiyat malih, sedinten saged ping sedasa ...!" 🙂 🙂 Si Ibu njiwit meneh bojone : " Nah.. pak, mung mangan suket ae bisa kaping sepuluh ..., bayangke jaall (jajal) .....!!! " Si Bapak dadi kemropok panas, nuli takon karo bakule wedhus, " Kang!!... iku ping sepuluh karo babon padha apa ora ...?" 😀 Si bakul wedhus semaur : " Nggih... beda-beda babon lhah ...

Si ANAK ILANG

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1KNV4KxvdR/ Kacarios, wonten tiyang gadhah anak jaler kalih. Anak ragil matur bapakipun: " Bapak, keparenga kula nyuwun bagean kula saking sadaya ingkang badhe panjenengan warisaken. " Bapakipun estu andum warisanipun dhateng lare kalih kanthi adil. Ing satunggaling dinten si wuragil nyade sadaya bagean hak warisan ingkang pundarbeki, lajeng pamit kesah dhateng njawi dhaerah/pulo. Anggenipun ngumbara punkatog-katogaken, gesangipun ngebreh-ebreh mburu sukan-sukan ngantos katelasan yatra. Tumuli piyambakipun bingung kangge nedha sampun boten kuwawa awit yatranipun sampun ludhes. Pramila kapeksa mberah ngenger dhateng juragan sapi. Pedamelanipun ngrimati sapi-sapi, saben enjing ngguyang sapi kaliyan pados suket-suketan pakan sapi.  Anggenipun ngenger kados mrihatosaken, sarapan sawontenipun, dening juragan namung punparingi sekul pethak boten mawi lawuhan, kadhang sok boten sarapan. Si wuragil kala-kala kepengin nedh...

ALBUM BIRU

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14kfurpnAP7/ Dakbukak album biru kêbak blêdug kang wus lêthêk. Daktamatake kabèh potrèt dhiri cilik, putih suci datan pacålå. Angênku nglambrang.... duk samånå winêngku sih katrêsnan gêgambaran lakuning uripku manut pra kadang. Critane, aku tansah dikêkudang jarene, aku tansah digêgadhang. Aku hamung anyêbut båpå samangsa aku kadlarung datan pênêr. Kang dakeling hamung båpå lamun aku ngadõh ing paran. Båpå-biyung tan nate sayah kang tansah njurung jroning uripku amaringi aku kabèh kang kalangkung  endah. Båpå-biyung, nadyan ånå utåwå ora ånå tansah ånå jroning nålå putrå-putri kang satuhu bêkti. Darbèkku kang kaliwat aji iya mung kulawarga kêdhatõn kang kaliwat têntrêm iyå mung kulåwargå. Gêguritan kaliwat aji iyå mung kulåwargå sêsotyå kumênyar iyå mung kulåwargå. Sugêng enjing, biyung sugêng enjing, båpå Suryå ari puniki gêbyar sumunar  Matur nuwun, biyung matur nuwun, båpå mring kasantosan tumrap kulå prå ...

MUKIDI DODOLAN, PASAR DADI RAME GEGER ORA KARUWAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DGYDP169a/ Sawise bola-bali Mukidi minangka sing tuku (pembeli) gawe ulah, Mukidi angen-angen, " Nek dadi pembeli dhuwite ludhes bae, mendhing gentenan dodolan apa ya, beneya cepet sugih !" 😜 Sidane Mukidi bukak toko ing pasar. Dhek-e adol werna-werna barang : ana sandhal, topi, kaos, payung nganti tekan sentolop. Pokoke campur adhuk ora karuan kaya isi gudhang. Ing ngarepan tokone kanggo narik kawigaten ana tulisane gedhe-gedhe :             TOKO MUKIDI REGA KENA DIANYANG, ANGGERE ORA KEBANGETEN Waoww, lagi se- jam bukak, ana ibu-ibu mampir mandheg: " Mangkok iki pira ?" Wangsulane: " Kalih dasa ewu rupiah, setunggale, Bu." "Apa bisa kurang? !" ujare si ibu. " Nggih pun kula murahi, Sangalas ewu sangang atus sangang puluh sanga rupiah (19.999 )." wangsulane Mukidi. Si Ibu mlongo, " Wah, kurange mung srupiah! " 🫠 Mukidi, " Jenenge rak pun kirang, Bu" wangsulane...

KÉRATA BASA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1Cuge8d4KH/ ( Kagem cathetan tambahing kawruh, kepareng ndherek ambage seratan bab Kerata Basa kadudud saking sumber 'link' ing pungkasaning seratan, nuwun 👏) Kérata basa yaiku bab negesi tembung utawa nggolèki surasaning tembung kapirid saka wancahané tembung utawa wandané tembung kang ditegesi mau, dijupuk cundhuk prayogané, diothak-athik, digathuk-gathukaké supaya mathuk.   Tembung guru, upamané, yèn arep dikérata basa luwih dhisik kudu diwancah utawa dipecah didadèkaké wanda-wanda, yaiku dadi wanda 'gu' lan wanda 'ru'. Saben wandané tembung mau banjur diréka, dianggep kaya-kaya minangka tembung wod (tembung wod kuwi éwoning tembung kang mung dhapur sawanda), nuli diothak-athik diwènèhi teges kang gathuk lan mathuk karo tegesing tembung kang lumrah.   Tembung guru kuwi mengku teges ’wong kang pagawéné mulang muruk ing pamulangan’. Tembung iki yèn dikérata basa bisa ditegesi ’digugu lan ditiru’, yaiku wand...

AKARYA KASELARASAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/18vLgK8S3r/ Kendhang boten badhe sekeca punpirengaken bilih nabuhipun sasekecanipun piyambak, temah para niyaga gamelan sanesipun boten saged nylarasaken wirama gendhingipun. Mila makaten dipun damel tatanan, supados kita ngasilaken wirama kang merdhu lan laras. Makaten ugi tumraping gesang, budi lan solah bawa kita kedah salaras kaliyan darmaning agesang. Paugeran dipundamel supados sadaya lumampah gangsar lan tertib nut wirama samesthinipun. Nanging wonten kemawon ingkang nyempal. 'Talenta' wujud berkah kanugrahan saking Gusti yogyanipun boten kaagem sasekecanipun piyambak boten maelu paugeran kang sampun pinathok. Talenta, kadosta nyanyi, kewasisan memucal malah gagasan awujud pangandikan ing pasrawungan kedahipun punagem sacara ginantosan boten rebutan. Prayoga ing pasrawungan punapa kemawon, duka punika ageng utawi alit upami ing pirembagan (rapat, bs.Ind) nengenaken prelunipun mirengaken lan paring wewengan wekda...

ADU JANGKRIK lan KROKOT

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1G6Wzp6hEm/ Sakumpulan bocah-bocah lanang ing sawijining kampung padha kangsenan/semayanan katemu sore-sore sawuse mulih sekolah. Padha nglumpuk ing taman ngisor wit-witan kang edum saprelu dolanan bebarengan yaiku adu jangkrik. Adu jangkrik sawijining dolanan ing jamane kang durung kenal karo jaman sarwa digital kaya samengko iki. Kepriye iku adu jangkrik?  𝘼𝙙𝙪 𝙟𝙖𝙣𝙜𝙠𝙧𝙞𝙠   yaiku dolanan kuna bocah-bocah ngupaya jangkrik loro ketemu adhep-adhepan diadu kekuatan, kegagahan lan swara ngerik sing nyaring swarane seru lan bening. Ora beda karo adu jago, mung bae adu jangkrik iki dolanan hiburan bocah-bocah. Dolanan adu jangkrik nate dadi salah sijine dolanan kawentar ing jaman samana, kejaba gangsingan, kenekeran, benthikan lsp. Baleni crita bab jangkrik, apa kira-kira pakane jangkrik? Yen ora kleru jangkrik dipakani 𝙠𝙧𝙤𝙠𝙤𝙩 , yaiku sajinis suket-suketan sing godhonge lonjong, lonjoran wit-e gagan...

JERUK MANGAN JERUK

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1LQ8ZimJhr/ Andi lan Somad padhadene nyambut gawe minangka wakiling dodolan (agen) buku ing sawijine kang ngetokake (penerbit) buku. Sakloron wiwit cilik srawunge bisa kaaran sedulur sinarawedi, runtang-runtung dolan bareng nganti nyambut gawe. Cah loro kewajibane nawakake paket buku pawiyatan ing sekolah-sekolah. Agen buku wus netepake wilayah tugas, sisih elor kutha tugase Andi, sisih kidul kutha bageane Somad. Pembagean iku cukup adil kaangkah ora marakake rebutan lengganan. Kocapa sawijine dina, Somad bisa gawe yakin/manteping marang sekolahan gedhe lan kondhang kanthi oleh pesenan paket atusan buku sing ajining kontrak gedhe lan komisine uga gedhe. Sejatine cah loro iku anggone paseduluran wus suwe becik-becik bae, ora duwe rasa meren-merenan. Nanging ing kene si Andi wus pirang-pirang dina durung oleh pesenan sawijia. Andi sipat nakale metu, banjur sacara sesidheman nekani mring sekolah sing wis dikontrak pesenan...

ANGGÅNDÅ ARUM KÊMBANG MÊLATHI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1JPbT4opHc/ Kêmbang mêlathi putih mêmplak endah lan asri Mêkrõk sore nalikå suryå sumusul wêngi Gêgõdhõngan garing kumleyang kasinggõl sumilire erawati Nanging sliramu panggah ngadêg ngugêmi janji. Anggåndå arum rumêsêp ing jêro nålå Nggåwå têntrêm sênadyan jagad lagi sulåyå Kåyå dongå suci rinå wêngi dènanti Mugå dadi mêmanise laku urip iki. ~ ndungkap esuk, 9626         ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️         [^__^]  [^__^] 

TUMEMEN DONGANE BAKUL TEMPE, TINEMENAN MUKJIJATE

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/r/14eDe7sHt8m/ Ing sawijining desa ana simbok kanggo nyambung uripe gaweane ora ana liya yasa lan sadean tempe. Ewasamono, dheweke babar pisan ora tau ngersula. Uripe prasaja sarwa sukarena, " Tempe iki mengko kang nglumantarake aku menyang swarga, kenapa aku kudu nggelani lan ngersula?" , mengkono anggone ngrenggani uripe. Esuk- esuk, simbok iku menyang pawon njupuk buntelan tempe njur diselehke ing ndhuwur meja. Nanging..., tempe sing arep didol durung dadi isih wujud dhele malah isih ambyar durung nyawiji karo ragine. Sajake lali yen kira-kira isih kudu ngenteni sedina engkas supaya bisa diadol. Lemes rasane awake, cupet pikire, piye dina iki bisa oleh dhuwit kanggo mangan lan pawitan tuku dhele meneh? Si bakul tempe iku duwe pengarepan, dheweke ngerti yen nyuwun karo Sang Pancipta mesthi ora ana kang mokal. Mulane banjur klawan tangan sidheku ndedonga : " Dhuh Gusti Paduka pirsa kawontenan kawula. Kawula mangertos b...

WARUNG PÊNYÈTAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1Lkq9Qe82S/ Bokbilih tetembungan 'Warung Pênyètan' sampun mratah ing kathah panggenan. Punapa ta warung penyetan? Penyètan tembung nggen-nggenan lingganipun penyèt ateges ênêt, pênêt, êsuk pun tipisaken. Warung Penyètan mratelakaken wande ingkang sadean maneka lawuhan goreng (tahu, tempe, lele, ayam lsp) ingkang dipun pênêt campur glepung lan sambel. Racakipun tetedhan punika rencangipun lalapan seger lan sekul anget kagem sarapan raosipun mak nyus murugaken tanduk sekul saenthong malih. 🍽 Warung Penyetan kathah-kathahipun saged pun prangguli ing pinggiran kampung kang kebak griya masarakat. Warung Penyetan, wontenipun celak-celakan ampingan kalihan Warung Tegal (Warteg). Senadyan tetedhan, dhaharan lawuhan wau ketingalipun prasaja (sederhana) nanging antawisipun wande setunggal lan setunggalipun cara ngolah lan ngladosaken boten sami. Wonten ingkang resikan nanging boten sekedhik ingkang nglirwakaken njagi resikan an...

SAWAH BÊNGKOK

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18ntNRTWms/ Ing jaman ora enak, nalika listrik isih byar-pet, pilihan lurah rame banget. Ing desa Karangseta, calon lurah ana loro: Pak Dulam > juragan gabah, kondhang murah esem.😄 Pak Katro > tilas Carik Desa, pidhatone dawa kaya rel sepur. 🛤 Sing dadi rebutan dudu mung kalungguhan lurah ... ning uga ' sawah bêngkok' Sawah Bêngkok iku sawah jatahe lurah minangka bayarane .  Sing andadekake ngiler warga desa yaiku sawah bengkok lemahe amba, cedhak kali, banyu ilen-ilen lancar, panen pari bisa kaping telu setaun. 👍 Mulane, diwiwiti rebutan ngaruh ngrebut swarane warga desa. Ing wengi-wengi sadurunge coblosan, warga diundang mangan gratis. Pangusunge pak Dulam andum sega gurih pepak salawuhane. Pangusunge pak Katro ora gelem kalah, " Sing penting warga wareg! ", nuli mragat/nyembelèh wedhus. Esuke warga padha bingung:  " Nek mangan ndhok omahe Dulam lawuhane pepak ... ning wedhuse Katro luwih empuk, pi...

SUMÅNGGÅ SAMAPTÅ ING KARYÅ

    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/18H3nAXKnm/ Lah, panène jêmbar mosak-masik n'ging kang dêrêp mung sêthithik. Oo.. kåncå, månggå samyå tumandang,  mumpung maksih pinaringan gêsang. Gyå tumandangå andêrêpi kangèlane dadyå kabungahane gyå tumandangå andêrêpi panène jêmbar, nadyan kang dêrêp sêthithik. Sumånggå makaryå prå abdine Gusti martyakên kabar adyå nggih sih rahmat sing swargi mrih tyang kang limêng ing driyå samyå manggih pêpadhang sanyåtå. Sumånggå samaptå ing karyå mbangun karyå mbangun pråjå abõt-ènthèng dadyå prasåjå krånå sih pêparing nugråhå. ~ gagat bangun, 27526 ~          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️          [^__^] [^__^] 

PITUTUR AGUNG ANGGITAN NABI SOLEMAN

    kapacak ugå ing   https://www.facebook.com/share/p/1EBpPgAzS8/ Bêgjå wõng kang wicaksånå lan duwé pangêrtèn. Kuwi ajiné ngungkuli salåkå, lan rêgane ngungkuli êmas murni. Kawicaksanan kuwi luwih aji katimbang karo watu aji, ngungkuli samubarang kang sirå pengini. Sanadyan êmas lan mutyårå akèh, nanging kang akèh bangêt pangajine iku lambe kang kadunungan kawruh. Sing såpå sênêng marang kawicaksanan, iku sênêng kaelikake samåså gawe kaluputan,  nanging wõng kang tanpå budi, ora sênêng karo pamêlèh. ~ gagat bangun, 24526 ~           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️         [^__^]  [^__^] 

TUMAPAKING MUJIJAT ING ASPAL KUTHA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1ctEQzLM5H/  ~ nuwun sewu radi panjang cariosipun, boten saged punpunggel awit saged ngicali suraosipun ~ Ing wayah sore udane deres banget lan ing sajerone garasi pinggiran kutha, pak Yanto maspadake montor angkot (angkutan kota) tuwa duweke nomer trayek 07 klawan kaca-kaca mripate. Mesin angkote ora bisa urip, ora mung rusak cilik-cilikan, ning mesine panas banget merga umur mesin wis tuwa lan ora kopen jalaran kekurangan wragad. Kamangka sesuk kudu bayar cicilan bank Rp 2 yuta, yen ora kebayar angkot minangka sumber rejeki kulawarga bakal dibeslah. " Dhuh Gusti, kawula sampun ngupados sasaged-sagedipun. " bisike pak Yanto, " Kawula boten nyuwun sugih, kawula namung nyuwun taksih saged nyambut damel. Dhuh Gusti, nyuwun pitulungan, punabdi Paduka kang sekeng punika ." Dheweke bingung ora duwe dhuwit sasen-sena kanggo menyang bengkel. Jroning nglokro pikirane, pak Yanto tetep ngresiki angkote klawan jroning ati d...

AKU PANGUMBÅRÅ LUNGKRAH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Dhd8irmPp/ Aku pangumbårå lungkrah ing arcåpådå Ing nêgri kang daktuju datan ngewå-ewå twin duhkitå. Ing kånå daktêmõni kadangku kang wus sumêngkå. Megå mêndhung amanggulku, dalan ndêdêr kêbak êri Nanging ing ngarêpku daksawang elõking nêgri Datan êluh tangis, datan sêdhih prå abdi. Prå titah mêmuji kaAgungan-Nyå kêkidungan sukårênå têntrêm raharjå salaminyå bagyå mulyå ing ayunan Gusti Kang Må Wilåså. -- mapag plêthèke radityå, 19526 --              ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

WERNI-WERNI NAMINING KRETA TURANGGA -- saderma kawruh sapala --

     kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/18WtbCrH6c/ Ing Indonesia kreta turangga/jaran gadhah nami lan cirenipun sowang-sowang. Ing ngandhap punika wonten cathetan ingkang kaimpun saking maneka werni sumber nami-nami kreta jaran ing dhaerah-dhaerah : 1. Delman (dhelman) Tlatah: Umum ing Indonesia, utaminipun Jawa, Betawi lan Sumatera. Kawitanipun nami kapendhet saking asma penemunipun Charles Theodhore Deeleman, insinyur lan ahli irigasi bangsa Walandi 2. Andhong Tlatah: ing Ngayogja, Sala lan saperangan Jawi Tengah. Tetenger, Andhong racakipun kreta rodha 4(sekawan) kang asring ugi punginakaken kangge upacara adat utawi wisata. 3. Dokar (dhokar) Tlatah: Jawi Wetan, mliginipun Surabaya lan Medura. Kawitanipun kapendhet saking basa Walandi "Dokkar" nelakaken jinis kreta rodha 2(kalih) 4. Bendi (bendhi) Tlatah: Sumatra Barat, Minangkabau Tetenger, limrahipun asring punsukani maneka-warni rupaka (hiasan) Minang lan asring punginakaken ing upacara adat kep...

PATRAP DIWASA SACARA ROHANI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/18kePGMqEM/ Boten saged denselaki dene dumadining pepadon rebat leresipun piyambak mratandhani boten diwasanipun jiwa pangraosing driya. Patrap diwasa sacara rohani/mental boten gampil mèri, drengki utawi gumunggung. Sejatosipun sadaya manungsa punika samidene ing ngarsanipun Gusti jalaran sanggyaning umat punika kagunganipun Gusti Allah. Priyantun kang anuju mindhaking kamajengan sacara rohani ketingal wonten ing patrap solah bawanipun, ageng kesabaranipun, jembar wawasan lan gagasanipun, adamel raos tentrem dhateng tiyang kathah lsp. Kejawi punika tiyang makaten boten gampil kagèndèng prabedan ing satengahing pasrawungan masarakat.  Priyantun ingkang gadhah patrap makaten tansah nengenaken raos rukun nadyan tugas kewajibanipun beda. Anggadhahi jiwa kawicaksanan titis anggenipun ndhawahaken panetepan sacara adil. Lah, patrap pribadi kang kadya makaten punika ingkang cocok dados pamong lan panutan masarakat. Kados...

MUKIDI SALAH NUMPAK WHOOSH

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1BPnGFkAJn/ Mukidi sowan maneh ing ngarsaning pemaos 👏 Mukidi enggalan menyang stasiun arep nunggang sepur Whoosh (kreta cepet Jakarta - Bandung). Saking dene gugupe wedi yen keri, dheweke nuli mlebu sepur sing lawange menga waton numpak tanpa mriksa bener lan orane.  Lungguh kalem, pasang hedset rumangsa wah/moncer, " Waow.. uripku saiki mulya ngrasake numpak sepur kilat... tingkat Sultan" 😄 Sawetara menit candhake..... Mukidi takon marang panumpang jejere : " Mas, iki dhelok 'kas tekan Bandung ya? "  Penumpang iku bingung: " Bandung??" Iki ngener suwalike, Mas!" Mukidi kaget : " Hahh..?! Karepe piye ta iki?! " Penumpang : " Iya... sepur iki wis arep balik arah !" (iki Mukidi numpake seka stasiun Cikarang) Mukidi terus mbingungi : " Lho kok bisa?! Aku kan niyate arep nyang Bandung !"  Sumaure penumpang jejere kalem, : " Menawa niyate bener, ning langkah mpe...

KEMLADHEYAN ING PASRAWUNGAN

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1BthoKDhrc/ Ing salebeting pasrawungan kalamangsa crah utawi regejegan malah tan kanyana panyebabipun saged kadadosan saking para kadang piyambak sacelak kita. Kita saged mrantasi prakawis ingkang asalipun saking njawi, ananging pasulayan ingkang dumadi wonten ing lebet kita malah asring grogoti guyub rukun lan ndadosaken crah ingkang boten kinarsakaken. Tiyang-tiyang makaten punika kadyadene jamur utawi kemladheyan (benalu) kang karemanipun damel kisruh ing pasrawungan. Para kadang ingkang kados makaten wontenipun hamung nyadhong pungatosaken lan tansah ngribeti nedya puntumutaken ing samukawis prakawis ingkang ngremenaken utawi adamel begja myang awakipun piyambak datan menggalihaken kapentinganipun ngasanes. Lamun boten katurutan tega-teganipun adamel gendra ngrerimuk kadang sanes pados bala saprelu ngrisak guyub rukunipun pasedherekan. Rikala tiyang mbetahaken pitulunganipun malah ngumpet. Kosok wangsulipun nalika ...

SAMSON & DHELILA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1CpWzqPrej/ Kacarita Samson kang duwe karosan luwih katandhing wong-wong liyane ing sawijining tlatah negeri Timur Tengah. Jalaran karosan lan kadigdayane iku Samson ora disenengi panggedhene negara.   Kocapa, Samson kasmaran marang sawijining wanita jenenge Dhelila. Dening panggedhene negara, Dhelila diprintahake ngglembuki Samson kepriye rekane bisa nyumuruipi wewadi kadigdayane Samson. Panggedhene negara anjanjeni marang Dhelila bakal menehi opah keping emas salaka cacahe akeh. Nganti ambal kaping telu Samson menehi katerangan wadi kang tansah dikeker njarag kaklerokake (klawan ngapusi) marang Dhelila. Dhelila ora mutung, tetep kukuh kaya sakukuhe karosane Samson, adreng banget anggone bisa oleh wadine Samson. Nganti Dhelila ngrekadaya andakwa yen Samson lelamisan olehe nresnani Dhelila. Dhelila ngrengek-ngrengek suwene, nganti Samson ora tega lan kepilut wujuk (bujuk rayu) nuli lena keprucut yen kekuwatane ana...

ÅYWÅ PÅDHÅ SÊMBRÅNÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GwAAmCzZb/ Åywå pådhå sêmbrånå ngobat-abitke gapit-irå. Ngalõr-ngidul ngetan bali ngulõn... judhêg..! mandhêg jêgrêg..., mõmõtan amblêg... blêêgg..! Lakune kadyå sêpur kluthuk megas-megõs kurang prayitnå. Bisane mung manthuk-manthuk nora jegõs, agawe gêndrå. Ayo prå kåncå cancut taliwåndå sayuk-sayuk rukun ambangun pråjå. Gyak samêktå urun pikir lan tênågå kanggo mulyaning nagårå Indonesiå. JM, gagat bangun, 06526             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^] [^__^] 

G A N G S I N G A N

Gambar
    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1BpoD6gkdj/ Jaman alitan (SD & SMP) kula taksih meningi dolanan gangsingan. Punapa ta gangsingan punika? Gangsingan nami mainan jaman kina saking kajeng kanthi pratelan: Gangsingan nalika samanten kula lan kanca-kanca adamel piyambak saking kajeng kemlandhingan ingkang sampun sepuh uwitipun, tengeripun sampun medal galih (aten-aten kajeng warna kasoklatan). Kajeng punika atos lan cocok kangge bahan gangsingan kang dipun wangun limrahipun kados kukusan satangkep (mlumah lan mengkurep). Nunten anggenipun yasa gangsingan ing pucuk inggil punwangun jendhol kangge ndhas-ndhasan, ing ngandhap puntancepi potongan paku kangge puser mubengipun ing plataran. Anggenipun ngubengaken mawi tangsul pundamel saking kulit kajeng wit waru kang wulet (boten getas). Kulit kajeng waru dipun gêcêki mrih medal seratipun lajeng punpepe rumiyin nunten puntampar (pundamel plintiran serat). Bonggol tangsul kangge cepengan punplintir dados ta...

UBENGING JANTRA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/18EcWbNZCH/ Sapinter-pintering, samulya-mulyaning manungsa, tetep kemawon boten prayogi rumaos menang piyambak, nggadhahi kuwaos piyambak, nganggep paling dhugdhèng rumaos rosa piyambak katandhing ngasanes, jalaran saged kemawon dumugi wekdalipun nglampahi kamunduran. Kadyadene ubenging jantra, samangsa mèndêl kang suwaunipun ing inggil nunten peneripun gantos ing andhap. Pranyatan punika ingkang tinulis lan boten tinulis ingkang dados wewaton pagesangan manungsa kang temtu kedah punugemi samya. Kadhungdhengan bakal lungse, surut lan ical ing titiwancinipun kang sampun dados panetepanipun Gusti Kang Murbèng Agesang, Allah Sang Pancipta. Kagem para panguwaos kang pinitados amengku praja, sampun ngesupenaken / nyepelekaken pranyatan kadya kang tinulis ing ngajeng. Pramila sayogya boten prelu matrapi kwaos klawan gumunggung. Sadaya kalenggahan kang puntampi lan sinangga punika titipan lan kapracayan masarakat kangge angab...

MUKIDI GAWE ULAH ING PASAR TANAH ABANG

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1LBo7UKC57/ Sawijining dina, Mukidi niyat banget arep tuku sandhangan anyar ing Pasar Tanah Abang. Jarene kih karebèn ketok munggah drajad... cikbèn 'gaya' ngono loh!😂 Mripate clingak-clinguk satekane pasar muter-muter weruh kios akeh banget. " Waoww, iki pasar apa 'labirin' sing njlimet bisa-bisa nasarke? Yen aku ilang; tulung dihalo-halo diumumke ya!" 📢 Dhèkipun mlebu ing salah siji kios. Ngematke klambi apik banget, njur nyekeli ndemok-ndemok sajake kepencut tenan. " Mbak, iki bahane apa?" " Katun! Mas" " Ohh apik men mbak... yen kudanan isa dadi jas udan ora ya? " 🫠 Si pramuniaga wiwit sujana (curiga), nanging tetep sabar. Mukidi njur njajal klambi iku ing ngarep pangilon, nggaya macak kaya paragawan dadakan.🕺 " Wahh.. cucok banget! Aku dadi kaya artis ya!? kena kanggo bakdan ndhok kampung" 😂 Pramuniaga mangsuli cekak : " Artis... nek bayar, Mas!" ...

AJA SUMELANG, AJA KUWUR ATI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18ne1ArkQL/ Tumraping Raka, esuk iku rasane beda banget. Ya.... dudu marga hawane, dudu uga marga dununge kang krasa serem..., nanging merga atine kebak pitakonan. Ing sangarepe ngadhepi langkah kang winenga amba, malah kuwur/goreh atine monga-mangu abot. " Apa aku bisa ya?? " batin atine lirih. Wiwit cilik Raka tansah duweni impen. Dheweke pengin nyoba werna-werna prakara, pengin mlangkah luwih adoh ora kaya sing digambarake wong-wong. Ananging sangsaya diwasa rasa kuwatir iku malah saya kerep nggandhuli pangrasane ati..--wedi gagal, wedi luput, wedi dipepoyok wong akeh lan rasa was sumelang sing ora cetha panyebabe.-- Dina iku, dheweke ngadeg ing ngarep lawang --dudu lawang sembarang lawang lumrah, nanging pralambang mujudake langkah anyar jroning uripe, ya wewengan kang menga amba ing ngarepe kang kudu diadhepi klawan tatag.-- Tangane wus nyoba kemlawe, nanging mandheg ing tengah-tengah. Dumadakan, keprungu bisikan ...

NGASAH LANDHEPING DAYA PANGEMUT

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/14eCoCxgD8U/ Tetembungan 'Melawan lupa' ing basa Indonesia asring kita pireng kang mratelakaken pangudi daya ngangkah boten ngesupenaken prakawis ingkang baken lan wigatos. Tuladhanipun gegandhengan kaliyan prakawis sejarah pagesangan pribadi, kulawarga, pengalaman pait utawi manis lan kedadosan-kedadosan ing satengahing masarakat. Kagem tiyang ingkang klebet kasepuhan (lansia) prelu sanget angudi daya ngangkah boten gampil kesupenan prayogi salah satunggalipun karem/remen maos lan nyerat punapa kemawon ingkang saged punayahi. Krana makaten saged nglelantih/nggladhi pamikir lan ngasah landheping daya pangemut.  Klawan ajeg datan kendhat mligi ngulinakaken ulah pikir temtu maedahi nyuda gampilipun kesupenan, pikun tumraping kadadosan-kadadosan kang sampun punlampahi. Sumangga kita wiwiti ngulinakaken damel orek-orekan saking gagasan-gagasan sapala mbaka sakedhik dangu-dangu sangsaya mindhak ganep klawan sregep maos...

LALADAN PALAGAN NGGÊGIRISI

Gambar
    kapacak ugå ing  https://www.facebook.com/share/p/14fPBqDXquW/ Nabastålå wus nora biru manèh cêmanthèl nyimpên nawålå kang datan kaucap pasulayan donyå kang mlayu rikat mêkakat nuli kêsandhung ayangan priyånggå. Ing layar-layar kåcå, katõn mulad-mulading dahånå saliring têmbung pådhå tabrakan luput lan bênêr datan ênêr pating sliwêr. Aku njêglêg antaraning blengkrahing rêruntuhan åpå iki jaman sing kitå wangun? åpå kakisruhan kaêjarke ngrêmbåkå? Bantålå unjal ambêgan kacandhêt-candhêt tangisan getih sumrambah ing ngêndi-êndi ombaking jaladri ngrukêt wadi sangsåyå mrati twin manungså__..., riwud ndhaku bênêr dhewe lêpyå, ninggalake jiwå kamanungsan. Nora jênjêm, mêlang-mêlang sêpi ndhêpipis ing põjõk nålå datan sinenggõl nõthõk alõn__ ning tan nate kêprungu sumaure margå wus oncat sing rågå.  Lamun donyå papane pangeyuban kênåpå kitå pådhå ngêbruke lan ngobrak-abrik? Yèn panêdyå maksih ånå, kênåpå mung kêprungu bisik lamat-lamat? Wêngi mrambat tan janji hamung ngg...

PANGATAG TUMRAP PARA PANGWASA WENGIS DUR-ANGKARA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AZsBtCHDn/ Stop papêrangan! ⛔️ Stõp kêsrakahan! ⛔️ Stõp kawêngisan! Stõp kaangkåråmurkan! ⛔️ Hee pårå pribadi kang jêjuluk dur-angkårå lan dhugdhèng rumångså dhuwur drajade lan unggul dhewe! 🤜 Aja angkårå murkå nguwasani lan mêngkõni sasåmå manungså! 👊 Ora ånå sawijiå ing antaraning sirå kang mulyå dhewe ing ayunaning Gusti Kang Må' Kawåså. ✍️ Elingå!.., sepak têrjang polahirå kang wêngis numpês sasåmånirå bakal antuk ganjaran bêbêndune Pangeran Sang Panciptå! ✍️ Jêjêriting anak-anak kelangan båpå biyunge, mitrå kadang kelangan pangeyuban krånå trajangan mimis dalah roket kang sirå ancas datan pri kamanungsan, bakal ndhudhuk jurang mulad-mulad kang maladi awakirå dhewe ngluwihi dahånå ing payudan awujud måhåbhairawi aliyas neråkå.  Yå..., iku bêbêndune Gusti kang bakal tumanduk maring manungså kang wêngis, kamitegan, srakah, anindhês lan numpês sapêpadhane. Stop papêrangan! ⛔️ Stõp kêsrakahan! ⛔️ Stõp kawêngisa...

Si BOLANG --BOCAH PETUALANG--

Gambar
  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1HL2s7eptR/ Ing sawijining desa cilik sing kinupengan sawah ijo lan alas ketel, ana bocah cilik parabane Bolang. Bocah iku senengane ora gelem leren. Saben dina ana bae panggonan anyar sing pengin diambah, mula diparabi si Bolang --Bocah Petualang-- " Mak-e, Bolang arep nyang kali ya !" pamite sawijining esuk. Simboke mung mesem, " Ati-ati ya ngger, aja adoh-adoh." Nganggo topi anya man, nyengkelit arit lan nyangklong tas ransel rada amoh isine sangu tela pohung lan gedhang godhog sarta gendul plastik isi banyu ngombe. Bolang budhal mlaku urut dalan setapak kairing swara ocehane manuk saut-sautan sajak bagekake lakune si Bolang. Tekan ing pinggir kali cilik, dheweke meruhi ana sing rada aneh yaiku banyune kali katon buthek ora kaya padatane. " Kenapa ya? " mosike Bolang penasaran, 'kepo' basa gaul cah saiki. Rasa kepo ndadekake Bolang banjur nlusuri asal iline kali. Lakune urut pinggire kali ora g...