CUACA EKSTREM 2026

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/19EwXLwkLr/

Sacara umum, pangertosan "Cuaca" nelakaken kawontenan hawa 'atmosper/atmosfer' ing wekdal lan ing laladan/wilayah tartamtu gayutan kaliyan asrep-benteripun hawa (suhu udara, bs.Ind.), sunaring srengenge, angin, jawah lan ewah-ewahan kawontenan hawa.

Dene pangertosan "atmosper/atmosfer" nelakaken lapisan hawa ingkang ngemuli bumi ngantos inggilipun +/_ 300 km kang isinipun maneka campuran gas nitrogen, oksigen, argon lan gas-gas sanesipun.


Ing wekasan samangke asring kapireng warta-warta ing tipi bab "Cuaca Ekstrem" ingkang pungiyaraken dening BMKG (Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika).

'Cuaca ekstrem' saged pungambaraken kedadosan ewah-ewahan kawontenan mangsa alam sacara njomplang lan dadakan.

Kedadosan cuaca ekstrem saged jalaranipun (miturut BMKG):

1. Puncak ketiga benter ing wilayah Indonesia, wulan Agustus lan September '26.

Ewah-ewahan mangsa, punsababaken wontenipun hawa benter sacara warata (pemanasan global) ndadosaken cuaca boten temtu kadhang sanget benteripun kadhang sanget asrepipun nyempal saking padadan.

2. 'Pemanasan El Nino' taksih kiyat dumugi Oktober '26. El Nino nelakaken mindhakipun hawa benter (sainggilipun ukuran normal) ing samodra Pasific. Kanggening Indonesia saged njalari nyuda cakal-bakalipun jawah amargi mendhung pindhah ngarah mangetan dumugi wilayah Amerika Kidul. 

Temahanipun mangsa ketiga (boten wonten jawah) dados langkung dangu saking padatanipun, pasitèn sami garing sumber toya sangsaya tipis, lepen, wadhuk lan sabin sami kasatan. Kabêsmèn (kobongan) wana lan pasitèn gambut ndadra langkung jembar ndadosaken pedhut asep warata wusananipun ndadosaken sesak napas masarakat.

3. Sapari polahipun manungsa, utamanipun pangrisakan (ngobong) wana wasa, emisi gas rumah kaca (gas ing atmosper kang saged andayani nyedhot 'radiasi infrared' saking sumberipun), 'polusi' hawa kebul/asep pabrik lan tetunggangan umum.

4. Geographi alam mliginipun wontenipun pegunungan lan segara saged ndadosaken ewah-ewahan asrep-bentering hawa sacara dadakan.


Punapa ta gandhengipun saged damel jalaran cuaca ekstrem? Inggih.., temtu saged ndadosaken bencana alam bena bandhang, pasitèn ambles lan jugrug, angin lesus, kabêsmèn ing kathah panggenan lsp.

Salajengipun gagal panen, njalari panyedhian sayur-sayuran, lombok, bawang lan sanes-sanesipun saking petani dados suda. Wusananipun reregen barang-barang kebetahan pokok dados mrambat mindhak. Punapa malih krisis global donya kadosta paperangan kang boten wonten kandhegipun utaminipun ing tlatah Timur Tengah ndadosaken angkutan lisah bumi ketatalan boten wonten pepesthenipun, anjalari ongkos angkut sundhul langit... rakyat alit njerit.


Inggih kadya makaten punika gegambaran kawusananipun cuaca ekstrem dhateng mobah-mosiking ekonomi masarakat. Temtu pamarentah sinengkuyung sanggyaning lapisan masarakat nggadhahi tugas lan tanggel jawab awrat kadospundi murih saged nanggulangi temahanipun gesanging kawula alit kang kapetang sarwa kecingkrangan saged kangge nutupi kabetahan gesang padintenipun.


~ sewelas agoestoes enjing'26 ~

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]

sumber BMKG





Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-