'KU SUMARAH MRING GUSTIKU

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1AuGaEDwAX/

'Ku sumarah mring Gustiku

ing bantålå twin samodrå

Sabên sêkõn datan kandhêg

Gusti ing swargå tansah anjangkungku.


Mawar ing taman rinonce asri

êlang ing akåså ugå rinêkså Gusti

Panjênêngan-Ne têmtu angampingiku

Gusti ing swargå tansah anjangkungku.


'Ku kråså bênêr ginênggêm kêncêng astå-Nyå

ing dhuwure ngare lan ambane samodrå

ing limênge bayu båjrå 'ku dikêkêp

Gusti ing swargå tansah angrêksåku.


~ bangun esuk, 04826 ~

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-