PANGAKSAMA LAN NAMPI PANGRENGKUH
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1C9grgT4fu/
Manungsa minangka titahing Gusti temtu nate nglampahi kalepatan, duka punika punjarag utawi boten, wusananipun ngrisak pasrawungan kaliyan sesami. Ing kawontenan kadya makaten punika kaprelokaken pangentasan mawi pangaksama lan pangrengkuh kanthi tulus temah saged nebihaken saking seriking manah murih gesang saekapraya guyub rukun salaminipun.
Tiyang ingkang nate adamel kalepatan kadhang taksih nyimpen raos gela, kasedhihan lan keduwung kang ndadosaken awrat sangganipun. Sanggan punika namung saged pulih menawi dipun aksama lan tinampi kaeklasaning ngasanes. Klawan sih katresnan, tiyang punika saged kapulihaken saking ketula-tula raos lepatipun.
Sumangga kita boten namung sumadya kangge memada lan ngemutaken tuwin ngadili tiyang kang lepat. Ananging ugi eklas paring pangaksama klawan tulus tuwin saged nampi klawan gumolonging nala minangka sesami ing pasrawungan lan pasedherekan.
Salam tentrem rahayu kang tinemu.
bagas saras kang linaras
Gusti amberkahi....
Aa_aamin.... A__aamin đđ
~ madya ratri, 15826
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar