Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2026

URIP MULYA ANA ING PAMENGKUNE GUSTI

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/17hm2ZpUNX/ Manungsa (sawijining pawongan) kang maune ora ana apa-apane, dudu sapa-sapa (ora kajen, ora kanggep) apa iku ing kulawargane, ing pasrawungan tangga teparone, ana kalamangsane piniji lan malah kaangkat duwe jeneng kondhang/misuwur. Pangakon lan piniji kasebut bisa dumadi temtu ora kok ujug-ujug tiba saka langit ngono bae, ananging iku ana jalarane. Sawijining pawongan bisa nampa pangakon lan piniji duwe jeneng kinajenan lan misuwur jalaran merga; Sepisan, jroning pasrawungan ing tengahing masarakat, solah bawane ngatonake bebuden luhur, kebak sopan-santun, tansah tetulung marang tangga teparone lan sapa bae kang mbutuhake. Sipat lembah manah ora tau gawe serike wong liya iku dadi solah pedinane lan dadi cirene kang kaecap ing pundhake. Kapindho, iya awit saka kersane Gusti Allah. Kang maune uripe diremehake, dikuya-kuya ananging yen Gusti Allah Kang Maha Agung ngersakake dadi wong gedhe misuwur, nadyan ta k...

ÅJÅ KÊKLUMPUK BÅNDHÅ DONYÅ

  kapacak uga ing   https://www.facebook.com/share/p/1EqQubZeAs/   ÅjĂ„ kĂȘklumpuk bĂ„ndhĂ„ donyĂ„ kang ora langgĂȘng rĂȘngĂȘt angrusak, dahĂ„nĂ„ ambĂȘsmi dadi arĂȘng. KlumpuknĂ„ bĂ„ndhĂ„ kaswargan kang datan sĂȘmu ing kono bandhamu, ing kono atimu.   AkĂšh kang kuwatir urip ing mĂ„ngsĂ„ mĂȘngkone nuli kĂȘklumpuk bĂ„ndhĂ„ kasugihan. Wusana, luwih nggumantungake kasugihane tan sumendhe mring Gusti PangĂšran.   Sapa kĂȘklumpuk akĂšh datan kĂȘcukupan kang kĂȘklumpuk sĂȘthithik ugĂ„ datan kĂȘkurangan. Manuk ing langit, palĂȘm kurmĂ„ ing Ă„rĂ„-Ă„rĂ„ tĂȘtĂȘp rinĂȘksĂ„ Gusti salaminyĂ„. ~ bangun esuk, 21826 ~             ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️             [^__^]  [^__^] 

đŸ‡źđŸ‡© INDONESIA JÅYÅ-WIJAYANTI! MARDIKÅ! ✊️ đŸ‡źđŸ‡©

Gambar
  kapacak uga ing   https://www.facebook.com/share/v/1RqexeyTPw/   Indonesia nĂȘgari tinrĂȘsnan m'wah ardyĂ„ sugih alamnyĂ„. Indonesia nĂȘgari tinrĂȘsnan nugrĂ„hĂ„ning Gusti, oh... endahnyĂ„!   GĂȘgayuhan kamardikan, adil makmur, tĂȘntrĂȘm raharjĂ„ Ă„jĂ„ mung nglĂ„hĂ„, ora kurang sawijiĂ„! Ayo kitĂ„ sayuk-sayuk rukun saekĂ„ prĂ„yĂ„ nĂȘdyĂ„ mujudake bĂȘbarĂȘngan samyĂ„.   Pamarentah sinĂȘngkuyung wargĂ„ guyub rukun lan waspĂ„dĂ„ ambangun prĂ„jĂ„ ambangun bangsĂ„ mrih tĂȘntrĂȘm raharjĂ„ salaminyĂ„.   PangwĂ„sĂ„, prayogĂ„ sirĂ„ tansah jujur makaryĂ„ lumampahĂ„ pamarentahan rĂȘsik santosĂ„! DohnĂ„ gonjang-ganjing tumindak durjĂ„nĂ„ ngunthĂȘt bĂ„ndhĂ„ donyĂ„ gawe dosĂ„!   Ayo! tĂȘrus kitĂ„ makaryĂ„ mrih rakyat bagyĂ„ mulyĂ„. Gusti tansah ambĂȘrkahi kitĂ„ bangsĂ„ Indonesia, JĂ„yĂ„-wijayanti! MARDIKÅ! ✊️đŸ‡źđŸ‡© ~ pitoelas agoestoes nĂȘmlikur ~             ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️             [^__^]  [^__^]  INDONESIA BERJAYALAH! MERDEKA! ✊️đŸ‡źđŸ‡© Indonesia neg'ri ...

PANGAKSAMA LAN NAMPI PANGRENGKUH

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1C9grgT4fu/ Manungsa minangka titahing Gusti temtu nate nglampahi kalepatan, duka punika punjarag utawi boten, wusananipun ngrisak pasrawungan kaliyan sesami. Ing kawontenan kadya makaten punika kaprelokaken pangentasan mawi pangaksama lan pangrengkuh kanthi tulus temah saged nebihaken saking seriking manah murih gesang saekapraya guyub rukun salaminipun. Tiyang ingkang nate adamel kalepatan kadhang taksih nyimpen raos gela, kasedhihan lan keduwung kang ndadosaken awrat sangganipun. Sanggan punika namung saged pulih menawi dipun aksama lan tinampi kaeklasaning ngasanes. Klawan sih katresnan, tiyang punika saged kapulihaken saking ketula-tula raos lepatipun. Sumangga kita boten namung sumadya kangge memada lan ngemutaken tuwin ngadili tiyang kang lepat. Ananging ugi eklas paring pangaksama klawan tulus tuwin saged nampi klawan gumolonging nala minangka sesami ing pasrawungan lan pasedherekan. Salam tentrem rahayu kang t...

NGGAGAS-NGGAGAS NGAYAWARA 😃😄

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DRMM67Bxt/ Saben uwong mesthi duweni kekurangan klebu kang kapiji minangka panguwasa, pamong praja ya pandhegane bebadan pamarentahan saka kang jumeneng pepucuking negara tumeka ing kaprajan ngisoran ing dhaerah. Ewadene, ing samengko iki sawijine pemimpin durung nduweni cukup kapitayan, kawasisan lan kasantosan kanggo netepake kaadilan. Prayogane kahanan iku prelu panyengkuyung kabeh lapisaning masarakat kang preduli marang ukum lan kaadilan. Pancen dadi panguwasa kang bisa ditresnani rakyat iku ora gampang kadhang nduweni kekurangan ndadekake ora bisa milih lan nemtokake endi sing bener. Kadhang mung ngoyak apa kang umum disenengi pehak tertamtu senadyan iku ora bener tetep bae diterak, mulane wusanane melu katut barisan Oprasi Tangkep Tangan (OTT)... ya tumindak kang ora bener rame-rame kang kondang sinebut "korupsi berjemaah"... heemm cap koruptor đŸ•č sajak ora mempan đŸ€ȘđŸ«Ą Banget mrihatinake kahanan iku, negara ben...

CUACA EKSTREM 2026

Gambar
    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/19EwXLwkLr/ Sacara umum, pangertosan " Cuaca " nelakaken kawontenan hawa 'atmosper/atmosfer' ing wekdal lan ing laladan/wilayah tartamtu gayutan kaliyan asrep-benteripun hawa (suhu udara, bs.Ind.), sunaring srengenge, angin, jawah lan ewah-ewahan kawontenan hawa. Dene pangertosan " atmosper/atmosfer " nelakaken lapisan hawa ingkang ngemuli bumi ngantos inggilipun +/_ 300 km kang isinipun maneka campuran gas nitrogen, oksigen, argon lan gas-gas sanesipun. Ing wekasan samangke asring kapireng warta-warta ing tipi bab "Cuaca Ekstrem" ingkang pungiyaraken dening BMKG (Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika). ' Cuaca ekstrem' saged pungambaraken kedadosan ewah-ewahan kawontenan mangsa alam sacara njomplang lan dadakan. Kedadosan cuaca ekstrem saged jalaranipun (miturut BMKG): 1. Puncak ketiga benter ing wilayah Indonesia, wulan Agustus lan September '26. Ewah-ewahan mangsa, punsaba...

PANGUPAYA JUANG MURID SEKOLAH NYABRANG KALI

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/14e3cNRJn7V/ Lamun ngauningani warta-warta kang sumebar bab pangupaya juang para murid budhal lan mulih sekolah ing dusun-dusun plosok, banget mrihatinake lan miris ing ngatase negeri +62 iki wis mardika ngancik 81 warsa tumuju Indonesia Emas. Saperangan crita nyata kang bisa diaturake ing tulisan ngisor iki yaiku : 1. Nyabrang kali numpak baskom plastik iku dipitontonake dening sawijining pideo nggambarake nalika ana bocah sekolah ing Kalimantan Kidul. Kedadean iku merga ora ana kreteg utawa perahu. Sawetara murid sekolah SMP katon numpak waskom plastik gedhe ngayunake tangan kosong kaya nglangi kareben bisa nyabrang kali saprelu bisa tekan Sekolah. https://radarpalu.jawapos.com/amp/nasional/2604230012/viral-dua-anak-sekolah-seberangi-sungai-pakai-baskom 2. Rombongan bocah sekolah kepeksa kudu toh nyawa mrih bisa melu 'Pembelajaran Tatap Muka'. Ing Kabupaten Luwu, Sulawesi Kidul, bocah-bocah budhal sekolah kepeksa nya...

ELING LAN WASPADA

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1Ai5uwAAeX/ ElingĂ„, sĂ„kĂ„ ing ngĂȘndi sangkan paran kitĂ„. ElingĂ„, lakumu iki bakal tumuju mĂȘnyang ing titik pungkasaning urip. Lan waspĂ„dĂ„, supĂ„yĂ„ ora kagĂšndĂšng-gĂšndĂšng, kĂȘsĂšrĂšt-sĂšrĂšt dening kasrakahan, kanĂȘpsĂ”n, kasĂ”mbĂ”ngan (gumunggung) lan pĂȘpenginan kang ora Ă„nĂ„ kawusanane (rasane kurang bae utĂ„wĂ„ nggrangsang ora Ă„nĂ„ ĂȘntĂšk-ĂȘntĂškane). Patrap karumangsan (rĂ„sĂ„ pangrĂ„sĂ„) kadyĂ„ mangkono iku kang ngĂȘndhalĂšni manungsĂ„ wasis olah rĂ„sĂ„, > tĂȘtĂȘp lĂȘmbah manah samĂ„ngsĂ„ nggayuh kamisuwuran... ora kumalungkung, ora umuk sĂȘsongaran nindhĂȘs sasĂ„mĂ„. > tĂȘtĂȘp lan tansah nduwĂšni rĂ„sĂ„ sokur (bersyukur) samĂ„ngsĂ„ sarwĂ„ kacukupan... ngĂȘnggĂ”ni rĂ„sĂ„ muji sokur mring Gusti Kang MurbĂ„ WisesĂ„. > tĂȘtĂȘp kuwat samĂ„ngsĂ„ kelangan... ora kĂȘdĂ„wĂ„-dĂ„wĂ„ anggĂ”ne nandhang duhkitĂ„ awit isih kudu mbacutake darmaning ngaurip iki. Salam tĂȘntrĂȘm rahayu sagung dumadi Gusti ambĂȘrkahi...  Aa_aamin A__aamin 🙏🙏   sorogan atur : Katur sanggyaning ...

'KU SUMARAH MRING GUSTIKU

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1AuGaEDwAX/ 'Ku sumarah mring Gustiku ing bantĂ„lĂ„ twin samodrĂ„ SabĂȘn sĂȘkĂ”n datan kandhĂȘg Gusti ing swargĂ„ tansah anjangkungku. Mawar ing taman rinonce asri ĂȘlang ing akĂ„sĂ„ ugĂ„ rinĂȘksĂ„ Gusti PanjĂȘnĂȘngan-Ne tĂȘmtu angampingiku Gusti ing swargĂ„ tansah anjangkungku. 'Ku krĂ„sĂ„ bĂȘnĂȘr ginĂȘnggĂȘm kĂȘncĂȘng astĂ„-NyĂ„ ing dhuwure ngare lan ambane samodrĂ„ ing limĂȘnge bayu bĂ„jrĂ„ 'ku dikĂȘkĂȘp Gusti ing swargĂ„ tansah angrĂȘksĂ„ku. ~ bangun esuk, 04826 ~             ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️             [^__^]  [^__^] 

MUKIDI MANGAN BAKMI GORENG

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GsjXpVHoX/ Esuk-esuk Mukidi mampir warunge bu Sri, njur pesen sepiring bakmi goreng. " Bu, bakmine goreng setunggal nggih... sing sepesial !:" Ora let suwe bakmine wis teka. Mukidi langsung telap-telep sajak kuluwen ora mangan seminggu... heheheee đŸ€Ș Ing sawetara wektu, ujug-ujug dheweke ngundang bakule. " Bu, niki bakmine kok kirang?" Bakule warung gugup bingung, " Sing kurang napane, Pak? Kurang endhoge? Kurang ayame? napa kurang bumbune? " Mukidi mung gedheg,  " Sanes!... ,  Kurang kathah! Nembe limang menit pun telas! " đŸ€Ș Bakule ngguyu sambi celathu, " Yen niku sanes bakmine sing kurang, Pak!... ning wetenge sing kegedhen!" đŸ«  Kabeh wong sing padha jajan nuli padha nyekakak ngguyu, dene Mukidi cengar-cengir karo ujar,  " Nggih mpun, Bu... imbuh setunggal melih. Ning niki sing Super Spesial nggih, kersane sing kurang wau dadi wareg! Idhep-idhep ora gelem kalah karo programe...