kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/itD6xxVSXCPFr2Jf/?mibextid=oFDknk - nawala tinarbuka lan nitip pesen katur para pemimpin- Pangajeng-ajenging masarakat wong cilik kagem sinten kemawon kang bakal nampi panetepan lan pangukuhan dados jejering pemimpin, menteri, pamong praja lan pandhegane pamarentahan sanesipun. Salam rahayu đ Demi karsaning Gusti, samya nuhoni lan mbangun turuta dhateng sedhengah tata pamarentahan ingkang adhedhasar paugeran, undhang-undhang kang lumampah lan kaanut. - Maring pamong dalah sadaya ingkang sampun kapiji dados pandheganing pamarentahan, dadosa kang ngasta panguwaos kanthi wasis wicaksana ngayahi darmaning negari tumuju kamakmuraning bangsa. - Maring para gubernur, bupati walikota dalah para pamong praja, dadosa kang anggadhahi kuwaos netepi ngadili tetiyang kang samya anglampahi piawon, lan ngajenana tetiyang kang adamel kabecikan, sumimpanga saking pilih asih! - Samya gesanga kadya tiyang mardika, nanging sampun ng...
Komentar
Posting Komentar