LAGU-LAGU DOLANAN BOCAH
kapacak uga ing
1. *GUNDHUL GUNDHUL PACUL*
Gundhul-gundhul pacul…cul gêmbèlèngan
Nyunggi-nyunggi wakul…kul gêmbèlèngan
Wakul ngglimpang sêgane dadi sak latar
Wakul ngglimpang sêgane dadi sak latar
2. *SLUKU SLUKU BATHÕK*
Sluku-sluku bathõk
Bathõke ela-elo
Si Råmå mênyang Solo
Olèh-olèhe payung mutho
Mak jênthit lolo lo bah
Wõng mati ora obah
Yèn obah mêdèni bocah
Yèn urip golèka dhuwit
3. *PADHANG MBULAN*
Yo pråkåncå dolanan nèng njåbå
Padhang mbulan padhange kåyå rinå
rêmbulane… ne
Sing ngawe awe
Ngelingake åjå pådhå turu sore
4. JAMURAN
Jamuran yå gege thõk
Jamur åpå yå gege thõk
Jamur gajih mbêjijih sa årå-årå
Sirå mbadhe jamur åpå
5. SLÈDUR-SLÈDUR
Slèdur-slèdur, pak mantri dhahar bubur kêpanasên mumbul-mumbul..(3X)
6. ÕNTÕNG-ÕNTÕNG BÕLÕNG
Õntõng-õntõng bõlõng
adu mêrak adu sapi,
mêcah-å ndhõg-e siji
Õntõng-õntõng bõlõng
adu mêrak adu wêdhus
mêcah-å ndhõg-e satus
Yêg uyêg ranti, ånå bèbèk pinggir kali
sêrõntang sêranting mbõk nyai nyõlõng gunting
guntinge mbõk cêmårå, thithit thuwit kêmbang åpå?
7. *TIKUS BUNTUNG*
Tikus.. buntung ....
Nduwe anak .. buntung .....
Cicit cuwit cicit cuwit .....
Si tikus såbå nèng lumbung.
8. *CUBLAK CUBLAK SUWÊNG*
Cublak cublak suwêng..
suwênge ting gêlèntèr..
mambu kêtundhung gudèl
pak êmpong lera-lere
såpå ngguyu ndêlik–ake
sir-sir põng dhêle gõsõng
sir sir põng dhêle gõsõng...
9. *G O T R I*
Gotri lêgêndri naga sari.. ri
riwul owal awul jadah mêntul.. tul
tolèn olèn olèn jadah mantèn ..tèn
(ti)tènånå besuk gêdhe dadi åpå.. på
pådhå mbakul enak mbakul sêdhêng.. dhêng
dhêngklõk engklak engklõk kåyå kõdhõk
10. *BANG BANG TUT*
Bang bang tut jêndhela ewa ewå
såpå brai ngêntut ditumbak råjå tuwå
nyang kali ngisèni kêndhi
jêruk purut wadhah êntut
11. *DHOMINO*
Dhomino ii dhomino
ånå babu nggendhõng sinyo
sinyone nangis wae didolani mõntõr mabur
mõntõr mabur kapal udhara
numpak sêpur mudhun Jakarta
jakarta akèh copète sopir becak akèh dhuwite
dhuwite mung sêlawe
njaluk dijõtõs lambe ndomble
12. *KUCING GANDHIK*
Kucing gandhik………. meõng
(o)Mahmu ngêndi…… ngerõng
(a)På ra gatêl…………. adus
(a)På ra adhêm………… kêmul
(a)På nduwe kêmul…. tuku
(a)På nduwe dhuwit…….. utang
(a)På (i)så nyaur……. ngêmplang
Yèn ditagih…………….. ndhêlik
Yèn dioyak…………….. mlayu
Yèn dicêgat……………. mlumpat
13. *D H A Y Õ H*
E…. dhayõhe têka
e…. gêlarna klåså
e…. klasane bêdhah
e…. tambalên jadah
e…. jadahe mambu
e…. pakaknå asu
e…. asune mati
e…. kèlèknå kali
e…. kaline banjir
e…. cènthèlnå pagêr
e…. pagêre ambruk
e…. dèlèhnå ngêbuk
14. *M E N T H Õ G*
Menthõg menthõg , tak kandhani
Mung rupamu , angisin ngisini
Mbõk yå åjå ngetõk , ånå kandhang wae
Enak enak ngõrõk , ora nyambut gawe
Menthõg menthõg , mung lakumu
Megal megõl , gawe guyu
15. *KIDANG TALUN*
Kidang talun
Mangan kacang talun
Mil kêthêmil mil kêthêmil
Si Kidang mangan lêmbayung
16. *TE KATE DIPANAH*
Te kate dipanah
Dipanah ngisõr gêlagah
Ana manuk ondhe ondhe
Bõk sir bõmbõk , Bõk sir kate
Bõk sir bõmbõk , Bõk sir kate
17. *L I R I L I R*
Lir ilir lir ilir , tandure wus sumilir
Tak ijo royo royo , tak sêngguh têmantèn anyar
Cah angõn cah angõn , pènèknå blimbing kuwi
Lunyu lunyu pènèknå , gawe ngumbah dõdõdirå
Dõdõdirå dododira , kumitir bêdhah ing pinggir
Dõndõmånå jlumatånå , kanggo sebå mêngko sore
Mumpung padhang rêmbulane , mumpung jêmbar kalangane
Yå…surak-åå å…..surak….Hoo..reeee…..
18. *SUWE ORA JAMU*
Suwe ora jamu
Jamu godhong telå
Suwe orå kêtêmu
Kêtêmu pisan gawe gêlå
19. *GAMBANG SULING*
Gambang suling kumandhang swarane
Thulat thulit , kêpenak unine
Uuu unine mung nrênyuhake
Barêngan kêntrung , kêtipung suling
Sigrak kêndhangane.
20. *SAIKI AKU WIS GEDHE*
Saiki aku wis gedhe..
sêkolah mangkat dhewe..
ora usah diêtêrake..
barêng karo kancane..
Yèn mlaku turut pinggiran,
ora parêng gojègan…
nèng ndalan akèh kêndharaan
mêngko mundhak tabrakan
21. *SIJI LORO TÊLU*
Siji loro têlu,
astane sêdhêku,
mirêngake bu guru
mênåwå didangu..
papat nuli limå..
lênggahe sing tåtå,
åjå pådhå sembrånå,
mundhak ora biså
23. *_J A R A N A N_*
Jaranan-jaranan…jarane jaran têji
Sing numpak ndårå bèi
Sing ngiring pårå mantri
Jèg jèg nõng…jèg jèg gung
Prõk prõk turut lurung
Gêdêbug krincing gêdêbug krincing
Prõk prõk gêdêbug jêdhèr.
24. *_KÕDHÕG NGORÈK_*
Kõdhõg ngorèk kõdhõg ngorèk , ngorèk pinggir kali
Theyõt thèblung theyõt thèblung , theyõt theyõt thèblung
Golèk pangan golèk pangan, golèk nyang blumbangan
Theyõt thèblung theyõt thèblung, theyõt theyõt thèblung.
25. *_PITIK WALIK JAMBUL_*
Pitik walik jambul ul, sêga golong mambu enthong
Månggå sami kondur ur, wêtêng kulå sampun kõthõng.
Enak eeenak sêgå liwêt jangan terõng.
Terõnge bundêr bundêr
bocah srêgêp mêsthi pintêr,
terõnge ijo ijo
bocah kêsèd mêsthi bodho.
26. PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung
sabên dinå, tak pakani jagung
petõk gõgõk pêtõk pêtõk ngêndhõg siji
tak têtêske, kabèh trõndhõl dhõl dhõl
tanpå wulu, megal-megõl gõl gõl gawe guyu
27. KUPU KUWI
Kupu kuwi dak incupe
Mung aburmu ngewuhake
Ngalõr ngidul ngetan bali ngulõn
Mrånå-mrene mung saparan-paran
Såpå biså ngincupake
Mêntas menclõk cêgrêg
Nuli mabur blêbêr
28. GAJAH, GAJAH
Gajah, gajah, mrene tak kandhani jah
mripat kaya larõn, siung loro, kuping gedhe
kathik nganggo tlale
buntut cilik, tansah kopat-kapit
sikil kaya bumbung
mung mlakumu megal megõl
29. ÕTÕK ÕTÕK.
Õtõk õtõk unine têkèk
Cinõ klõnthõng dioyak singkèk
Mlayu mlayu kêplèsèt têlèk
Tibå ndhõdhõk kathõke suwèk.
30. IBU KULA
Ibu kula nyuwun artå
Ing jawi wõntên kere
Kere lumpuh tuwin wutå
Sambat ngêlak lan luwe
Enyå iki wènèhånå
Sêgå iwak lan banyu
Lan kerene kandhanånå
Kõn mrene sabên minggu .
31. PAMAN.
Pamanku ing paprangan
Amimpin prå wadyå
Wadyå bålå dharatan
Pujiku slametå
Pujiku slametå
Lha kae ånå upas têkå
Sêmune ngwatiri
Anggåwå layang kabar
Yèn paman wis sedå
Yèn paman wis sedå .
32. ÅPÅ KOWE
Åpå kowe ra kèlingan
Nalikå isih bayi
Yèn nangis ngowèk ngowèk
Yèn turu mêsthi ngõmpõl
Saikine uwis gêdhe
Uwis ora tau ngõmpõl
Uwis dadi bocah pintêr
Suk gêdhe dadi dhõkter.
Saikine uwis gêdhe
Uwis dadi bocah pintêr
Tumpakane mõntõr mabur
Wis pådhå dadi insinyur
33. SRÊNGENGE NYUNAR
Srêngenge nyunar kanthi mulyå
Angine midid klawan renå.
Manuke ngocèh ånå ing wit-witan
Kewane nambut ånå ing pasukêtan.
Ayo pådhå muji Allah kang mulyå
Ayo pådhå muji Allah kang mulyå.
kinlumpukake dening eNPe
Komentar
Posting Komentar