ÅJÅ KÕK NISTHÅ SAPÊPÅDHÅ

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Eb9MA87wp/

He pårå kadangku,

åjå kõk wirangake sapêpadhamu

åjå kõk nisthå kakurangane

åjå kõk gêguyu kahanane,

sabab ora ånå sawijiå wõng kang sampurnå

jroning urip ing ngalam donyå!


Pådhå dieling, he manungså tumitahe Gusti Kang Må' Wiseså!

Såpå sêjatine sirå iku rumångså luwih dhuwur drajadirå?

Mung mêrgå kasugihan, pangkat lan kwåså

nuli ngidak-idak aji dhirining sasåmå?


Sumurupånå, kitå ciniptå såkå sumbêr kang pådhå!

Ngêrtiå, urip lan napas kitå nugrahaning Sang Panciptå!


Ngasõrake manungså margå kabêncian lan angkårå murkå, 

iku pådhå bae ngasõrake karyå Panciptånyå!


Ora prêlu, ora elõk hangråså paling mulyå

ora elõk ngagul-agulake kaluwihan, kadigdayan sirå

sabab, kamulyan dudu ing rågå

nanging ånå ing njero nålå kang kêbak sih trêsnå

lan solah båwå njunjung kaurmatan sasåmå.


Mulå, ajènånå sabên sapêpådhå, nadyan bedå kalungguhan.

Ulurnå tangan, dudu panisthan!

Sumêbarnå ambêk påråmartå, dudu ambêk siyå!


Sabab ing ayunaning Sang Penciptå

kitå sanggyaning umat tumitahe bakal bali marêk ing ngarså-Nyå

manggul solah båwå wujud tanggung jawab kitå

sajroning nglakõni urip ing ngalam donyå.


~ parak esuk, 261026 ~

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


JANGAN HINA SESAMA

Renungan tentang martabat manusia


Wahai, saudaraku,

Jangan kau rendahkan sesamamu,

jangan kau hina kekurangannya,

jangan kau tertawakan keadaannya,

sebab tak seorang pun sempurna

dalam menjalani hidup di dunia.


Ingatlah, wahai insan,

siapa dirimu hingga merasa lebih tinggi?

Hanya karena harta, pangkat, dan kuasa,

lalu kau injak harga diri sesama?


Bukankah kita tercipta dari sumber yang sama?

Bukankah hidup dan napas kita adalah anugerah dari Sang Pencipta?


Menghina manusia karena kebencian, dendam dan kemurkaan,

sama saja merendahkan karya Penciptanya.


Tak perlu merasa paling mulia,

tak perlu menyombongkan kelebihan,

sebab kemuliaan bukan pada penampilan,

melainkan pada hati yang penuh kasih

dan perilaku yang menjunjung kehormatan.


Maka, hormatilah setiap insan,

meski berbeda dalam kedudukan.

Ulurkan tangan, bukan penghinaan,

tebarkan kasih, bukan kesombongan.


Sebab di hadapan Sang Pencipta,

kita semua hanyalah manusia,

yang kelak akan kembali kepada-Nya,

membawa baik buruk dan mempertanggung jawabkan

setiap kata serta perbuatan kita.


            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU