CAOS SOKUR BERKAHING GUSTI
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1Dtr6dT5Kn/
Manungsa ngelengaken, kapi-adreng karem boten nate marem punapa kang sampun pundarbeki / pungadhahi. Sangsaya kathah ingkang dipun darbeki, saya kathah ugi ingkang punpengini. Punika wujud sipat srakahing manungsa. Pramila sangsaya kathah Sih palimirmanipun Gusti kang tinampi, saya kathah ugi kang nedya punsuwun. "Ora tau narima ing pandum..." 𫣠–makaten ngendikanipun para pinisepuh– ✍️
Patrap kadya makaten punika tumanduk ugi ing dhiri kita. Tan memper lamun kita dados srakah, malak, nggrangsang kepengin langkung lan kang sarwa langkung kathah malih kemawon. Punika sipat dhasar datan pinuji twin boten elok. Kosok wangsulipun, prayoginipun sampun samesthinipun ngrumaosi berkahipun Gusti kang tinampi sarta kita sangsaya tumungkul mendhakaken raos pangraos nala ing ayunanipun Gusti Allah. Lan rumaos kanthi jujur bilih sadaya kang ginayuh punika minangka paring nugrahaning Gusti Allah, prelu langkung caos sokur ing ngarsanipun Gusti... Aa_aamin đ
Krana makaten, kita setya tuhu muji sokur konjuk Gusti Allah boten kok malah anjagekaken supados pikantuk berkah ingkang langkung ageng..., boten! Boten makaten!
Dinten puniki kita gesang boten kok kangge anggayuh berkah langkung kathah. Kita gesang kangge saprelu atur pamuji sokur awit saking berkahipun kang katampi lan ngrumati sarta ngreksa klawan setya tuhu mring Panjenengan-ipun.
Sumangga 𫎠Gusti amberkahi... Aa_aamin đ A__aamin đ
~ gagat enjing, 211026 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar