GUSTI PARING KITÅ NUGRÅHÅ

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1FWNcxGTUa/

Gusti wus paring kitå nugråhå

alam iki saisinyå

kanggo kauripan kang endah asri

pådhådene samyå tabêri ngrumati.


Krånå ulah datan kêndhali

lan srakah nora ambêjaji

alam kinêruk, kinuras sapriki

datan prêduli dinå mburi.


Alam nora manèh rukun gêmati

nimbul bramantyå anrajang donyå

Oh, lindhu lan bandhang nggêgirisi

anyêbar prahårå gawe duhkitå.


Jagat-råyå, Allah pancipta-nyå

Gusti angrênggå elõk asri

Ayo, gumregah grêgêt kitå

nrêsnani karyå-Nyå, nrêsnani bumi.


~ lingsir wêngi, 301026 ~

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU