MUKIDI GAWE ULAH ING PASAR TANAH ABANG
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1LBo7UKC57/ Sawijining dina, Mukidi niyat banget arep tuku sandhangan anyar ing Pasar Tanah Abang. Jarene kih karebèn ketok munggah drajad... cikbèn 'gaya' ngono loh!😂 Mripate clingak-clinguk satekane pasar muter-muter weruh kios akeh banget. " Waoww, iki pasar apa 'labirin' sing njlimet bisa-bisa nasarke? Yen aku ilang; tulung dihalo-halo diumumke ya!" 📢 Dhèkipun mlebu ing salah siji kios. Ngematke klambi apik banget, njur nyekeli ndemok-ndemok sajake kepencut tenan. " Mbak, iki bahane apa?" " Katun! Mas" " Ohh apik men mbak... yen kudanan isa dadi jas udan ora ya? " 🫠 Si pramuniaga wiwit sujana (curiga), nanging tetep sabar. Mukidi njur njajal klambi iku ing ngarep pangilon, nggaya macak kaya paragawan dadakan.🕺 " Wahh.. cucok banget! Aku dadi kaya artis ya!? kena kanggo bakdan ndhok kampung" 😂 Pramuniaga mangsuli cekak : " Artis... nek bayar, Mas!" ...