AJA SUMELANG, AJA KUWUR ATI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18ne1ArkQL/
Tumraping Raka, esuk iku rasane beda banget. Ya.... dudu marga hawane, dudu uga marga dununge kang krasa serem..., nanging merga atine kebak pitakonan. Ing sangarepe ngadhepi langkah kang winenga amba, malah kuwur/goreh atine monga-mangu abot.
"Apa aku bisa ya??" batin atine lirih.
Wiwit cilik Raka tansah duweni impen. Dheweke pengin nyoba werna-werna prakara, pengin mlangkah luwih adoh ora kaya sing digambarake wong-wong. Ananging sangsaya diwasa rasa kuwatir iku malah saya kerep nggandhuli pangrasane ati..--wedi gagal, wedi luput, wedi dipepoyok wong akeh lan rasa was sumelang sing ora cetha panyebabe.--
Dina iku, dheweke ngadeg ing ngarep lawang --dudu lawang sembarang lawang lumrah, nanging pralambang mujudake langkah anyar jroning uripe, ya wewengan kang menga amba ing ngarepe kang kudu diadhepi klawan tatag.-- Tangane wus nyoba kemlawe, nanging mandheg ing tengah-tengah.
Dumadakan, keprungu bisikan swara ngendikane ibune : "Ngger, yen kowe ora njangkah merga kuwatir, kowe ora arep bisa ngreti sepira rosa-ne awakmu. Aja sumelang, aja kuwur atimu!"...
Raka banjur unjal ambegan, narik napas jero. Dheweke kaya dielingake, rasa kuwatir ora bisa ilang ngono bae, nanging dheweke ngreti,--dene wikrama/kekendelan dudu kok tegese ora wedi nanging kudu tetep mlangkah nadyan goreh atine, (yaa.., kudu bisa uwal saka kahanan sing kaya mangkono iku).
Lon-lonan, Raka bukak lawang iku. Wiwitane gamang atine, akeh bab sing durung direngkuh, akeh kaluputan sing bisa mlesetake andadekake pengin mundur. Nanging saben rasa kuwur ing ati, tansah kerungon-rungonen pesen ibune. đ
Dina-dina candhake, Raka wiwit luwih lerem lan sareh atine. Dheweke wiwit sinau saka kesalahan, tangi saka kegagalan, tuwin bisa nemokake yen sanyatane dheweke luwih tanggon lan santosa tinimbang apa kang dipikirake. Kapracayan mring awake (pracaya dhiri) saya kuwat.đ
Sore iku, Raka lungguh dhewekan karo mesem atine. Kelingan dina sepisanan yaiku dina nalika meh bae mundur sadurunge nyoba.
"Yen aku biyen mundur, dak kira aku ora bakal tumeka ing kene," batin atine klawan rasa sokur, "Matur nuwun dhuh Gusti, Paduka sampun kepareng paring panuntun dhumateng pandoming gesang kawula.." Aa_aaminđ Aa__aminđ
Raka wusanane tinarbuka atine, dene urip iku ora kok kudu tansah yakin ing kawitane. Nanging kudu wani mlangkah senadyan ati durung bener-bener siyaga. đ✊️
Mula wiwit dina iku, pendhak dheweke ngadhepi bab anyar, dheweke tansah ngomong karo awake dhewe kanthi mantep, "Aja kuwatir!..., aja kuwur utawa goreh!, langkah cilik dina iki bisa njalari mulabukane bab-bab kang luwih gedhe kang bisa digayuh/diranggeh, iya merga awit saka panuntun lan keparenge Gusti priyangga..." Aa_aamin đ Aa__amin đ
Rahayu kang tinemu muga tansah dumadi ing alam pikir kang maune monga-mangu kuwur atine.
JM, gagat bangun, 28426
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar