SANGSAYA SEPUH PRAYOGA KEDAH ASRING MOBAHING BADAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18Q12k242c/

  Para kadang sutresna kang kinurmatan, kepareng kula atur ringkesan seratan bab kesehatan.

Dhasar bakening kagem ngreksa/ njagi kesehatan badan, raga (phisik) lan mental mliginipun awit saking tambahing yuswa.


Mobahing badan utawi tetep mobahing raga anggadhahi kathah paedah, utaminipun kagem kaum kasepuhan (lansia).


1. Anjagi kekiyatan walung/balung lan ugel-ugel, athik-athik (sendi).

  Tansah ngobahaken raga (ulah-raga) klawan ajeg saged biyantu madhetaken kandhutan mineral walung/asthika utawi nyuda getas/kroposipun kapadhetan walung. Saged ugi njurung ngasilaken 'cairan sinoval/pelumas sendi' ingkang nyuda raos kaken lan nambah gangsar mobahing badan.


2. Ngreksa peranganing otot.

  Kairing tambahing yuswa, ingkang njalari mandhaping karosan peranganing otot. Kanthi mobahing raga utaminipun nglelantih kekiyatan entheng-enthengan saged nyandhet mandhapipun karosan, tuwin nggangsaraken proses ngulah tetedhan lan inuman dados sumbering kekiyatan  (metabolisme).


3. Ngreksa lan nambah imbanganing badan/raga.

  Nglelantih/nggladhi imbanganing raga penting sanget kangge ngreksa utawi nyuda gampilipun dhawah ingkang asring andadosaken panyebab ingakathah cacat kang awrat (cedera serius) tumraping kasepuhan.


4. Ngreksa kesehatan jantung/tungtut.

   Ulah raga mlampah, ngepit utawi nglangi kaparayogekaken awit saged mbiyantu njagi kesehatan jantung (kardiovaskuler), njagi getering jantung (tekanan rah) lan ngandhapaken kandhutan kolesterol, wusana ngendhani sesakit stroke.


5. Ngancas enering kesehatan mental.

  Mobahing raga kabukten saged anjagi kesehatan adnyana/utak, mbiyantu nyuda kesupenan, stres lan raosing was-was saha ngreksa sekecaning lan raos tentrem anggenipun ngaso, tilem utawi sare.


Makaten sinaosa ringkes mugi sageda ndadosaken cathetan kita kagem pangemut lan migunani. Salajengipun saged kawaos kawruh kesehatan sanesipun ing pawarta-pawarta lan jurnal-jurnal kesehatan ingkang langkung mumpuni, ngangkah saged kapethik maknanipun kagem kesehatan kita.

Salam sehat đŸ€đŸ‘

Nuwun, 🙏


JM, lingsir wetan, 10426

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-