SACUIL CRITA PENSIUNAN -renungan sore-
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/share/p/14bVopp9mVL/
Sarwa pas-pasan sacara ekonomi kanggo melu reuni mujudake salah siji perang batin sing abot dhewe nanging nunjem ing rasa tumraping sawetara pensiunan.
Rasa kepengin nekani lan ketemu meneh para mitra kadang lawas asring ngadhepi cumpene wragad.
Kira-kira mangkene andharane perang batin, sisan minangka paring 'empati' lan melu ngrasakake pangrasa.
Perang Batin: Sarwa pas-pasan sacara ekonomi sajroning nekani reuni tumraping pensiunan.
1. Kapenginan kang ora jumbuh karo kamapanan.
Pratelan :
Sajroning ati, ana rasa kapang, kangen bisa ketemu, ngelingi samangsa kuliah, adu-aruh kadang lawas. Ananging, nalika nguningani wragad panginepan, tetunggangan utawa malah wragad urunan, pepenginan iku kudu diempet ...ya iku kasunyatan kang diadhepi.
Swara batin :
"Aku banget pengin teka, nanging aku kudu milih antarane salah siji utawa kabutuhan pawon minggu ngarep!"
2. Kuwatir oleh pambijen lan pitakonan
Pratelan :
Duwe rasa kuwatir oleh pitakonan-pitakonan sing katone entheng ning abot sanggane nunjem ing nala.
Swara batin :
>"Kena apa ora teka? lagi repot ya?"
"Kok ora gelem melu nginep bebarengan ing hotel..?"
_ kamangka wangsulane gampang ning angel kaucapake : "Aku ora sanggup melu jurung wragade."
3. Rasa Minder lan rasa kapracayane kasruwe.
Pratelan :
Rikala biyen sabangku kuliah, samengko rumangsa adoh katinggalan sacara ekonomi.
Swara batin :
>"Biyen kita padhadene mangan ing kantin, warung murah, gegojegan bab dhuwit caton wulanan. Saiki padha nunggang montor, dene aku numpak angkot menyang pasar."
Perang batin kaya iku angel bisa dimangreteni dening wong liya sing ora ngalami.
Kadhang kuwatir dipepoyok diarani ora gelem srawung, ananging dudu iku alesan kang gumathok ora gelem melu reuni, mbokmenawa iki sing ora bisa dimangreteni dening wong liya jalaran kahanan ekonomine sing beda (luwih mapan).
Kahanan saben wong pancen beda-beda, mula prelu dibutuhake padhadene njaga ati, njaga pangrasa marga iki 'sensitip'...ahh iku gegedhen rumangsa bae??
Muga migunani kanggo bahan renungan!đ«°
Komentar
Posting Komentar