LAKU PIKNIKAN BEBARENGAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1B2zkmCAGH/

Wanci esuk iku, tumetese ebun gawe rasa atis, aku sakanca mecaki dalan desa. Langit isih remeng-remeng jalaran ing brang wetan sorote sang bagaskara ketutup gegodhongan. Ewasamono aku sakanca kebak semangat miwiti lumakune sikil sadalan-dalan. Karo nyangklong tas sing rada krasa abot, aku dalah kanca-kanca njangkah alon dalanan sing durung patia rame.


Kawitan isih krasa entheng, jangkahe sikil isih rosa kebak daya, clotheh obrolan mili datan pedhot, ngguyu cekakak cekikik ambegan isih krasa lodhang. Nanging sangsaya adoh lakuning lelungan esuk iku ketambahan dalan rada munggah, wiwit krasa panas srengenge nyulihi adheme esuk.

"Kok adoh timen ya..!", nylethuke salah siji kanca katon krenggosan sinambi cengengesan.


Aku sakanca nglegakake leren sedhela ora merga nglokro nyerah ning malah mesem angresepi nikmat kebak suka rena. Sinambi lungguh pinggir dalan ngombe banyu sangu, karo ngematake asrine sesawangan kena kanggo tamba rasa kesel.

"Semangat! Ayo semangat..!!" alokku karo ngadeg ngajak neruske laku. Angin kala-kala semribit kayadene ganjaran cilik cukup gawe segere badan.


Ana mangsane nalika sikil krasa abot banget lan rasane kepengin cepet tekan ing panggonan kang dituju. Nanging anehe, ing satengahe kekeselen iku ana rasa bagya lan marem kang ora bisa dicritake. Sing cetha mbokmenawa merga dilakoni bebarengan rame-rame lan saben jangkah nyimpen crita dhewe-dhewe.


Nalika kang dituju wis katon sinawang mripat, kabeh bebarengan lunjak-lunjak nyuwara seru, "Horee..., wis meh tekan!...", kabeh rasa kesel owah dadi rasa marem tenan.

Ya..., aku sakanca mesem, ora kok lakune piknikan iku mayar --nanging merga kita kabeh bisa ngliwati kebak gumbira lan suka rena.


Wanci sorene rikala bali mulih, awak sakojur pancen krasa pegel kabeh. Nanging jroning ati iki, aku kabeh ngrasakake kebak kasukan krasa marem puasss nan. 

Laku lelungan iku nadyan katone sapala, bisa kapethik kabeh apa sing katone gawe sarwa rekasa iku ora kok ala. Nanging malah ing kono sinimpen crita pangeling-eling kang nyenengake.

Lan, sajroning meneng, aku kabeh sakanca yen ana wewengan wektu (kesempatan) meneh bakal mbaleni 'petualangan' iku karo esem sing padha. Muga kita kabeh tetep pinaringan sehat, bergas waras ginanjar katentreman..... Aa__aamin 🙏🙏


Bks, lingsir wetan, 08426

          ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-