MUKIDI GAWE ULAH ING PASAR TANAH ABANG

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1LBo7UKC57/

Sawijining dina, Mukidi niyat banget arep tuku sandhangan anyar ing Pasar Tanah Abang. Jarene kih karebèn ketok munggah drajad... cikbèn 'gaya' ngono loh!😂

Mripate clingak-clinguk satekane pasar muter-muter weruh kios akeh banget.

"Waoww, iki pasar apa 'labirin' sing njlimet bisa-bisa nasarke? Yen aku ilang; tulung dihalo-halo diumumke ya!" 📢


Dhèkipun mlebu ing salah siji kios. Ngematke klambi apik banget, njur nyekeli ndemok-ndemok sajake kepencut tenan.

"Mbak, iki bahane apa?"

"Katun! Mas"

"Ohh apik men mbak... yen kudanan isa dadi jas udan ora ya?" 🫠

Si pramuniaga wiwit sujana (curiga), nanging tetep sabar.

Mukidi njur njajal klambi iku ing ngarep pangilon, nggaya macak kaya paragawan dadakan.🕺


"Wahh.. cucok banget! Aku dadi kaya artis ya!? kena kanggo bakdan ndhok kampung" 😂

Pramuniaga mangsuli cekak : "Artis... nek bayar, Mas!" 🤥

Mukidi terus takon regane : "Iki pira mbak?"

"Satus seket ewu!" wangsulane.

Mukidi nuli kaget digawe-gawe (lebai), "Hah?! iku klambi apa rega kenangan karo mantan?" metu basa 'gaule' cah enom saiki

Pramuniaga wiwit jengkel, ning tetep mesem.


Mukidi njur nganyang : "Satus ewu ya, Mbak! Aku planggan setya... masiya lagi sepisanan teka kene.... hehehee...," karo cengar-cengir 🤣😂

"Gak isa, Dul  dul!", si pramuniaga tambah juengkel metu basa 'gaule'.


Mukidi meneng, mikir sedhela, nuli ujar : "Ya wis, aku tuku sing diskonan ae ya."

Sing adol bingung : "Trus, sing endi?"

Mukidi nyaut kalem : "Sing diskon nang ati Mbak-e... soale Mbak apikan banget!" 😊

Sing adol njur ngguyu campur kecut gregeten : "Trèmbèlane. Sampeyan arep tuku apa nggombal mukiyal?!" 😏


Sidane, sawise eyel-eyelan, Mukidi ngluyur metu tanpa pamit.

Ning sadurunge lunga, Mukidi ujar, "Klambine gak sida taktuku ya, ning kenangan manise wis takgawa!" karo nudingi dhadhane dhewe. 👈


Sing adol mung gèdhèg-gèdhèg : "Nek kabeh sing arep tuku kaya ngene, sing payu mung ngguyu jengkel... huh!" 🤨


Dhasar Mukidiii Mukidi...., yen ora gawe ulah dudu Mukidi jenenge aliyas Mukiya! (ya.., sami mawon niku) 🤣😂🫠


JM, nglantrah wan-awan, 30426

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG