HUHURAN TOM & JERRY
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Dg53VRQ3d/
Tom (kucing) lan Jerry (tikus) gawe keributan padha huhuran (saingan) rebutan pangan ing warung bu Sari. Ing warung iku angganda gorengan anget lan keluk sega gurih nggodha sapa bae kang liwat.
Ing ngisor meja ngumpet tikus si Jerry, matane mencorong ngincer tumpukan tempe goreng ing dhuwur meja.
"Wah... sarapan gratis kih!", batine si Jerry. Durung kober nyerbu, ujug-ujug, "Meyoong!!" seka dhuwur rak beras si Tom (kucing) wis ngincer wiwit mau.
đŠđ Oyak-oyakan diwiwiti.
Jerry mlayu rikat ngliwati sikil meja, Tom ngoyak kebak semangat, --saking semangate-- ee malah nabrak toples rempeyek.... PRANG!!
Peyek pating pencelat, Jerry kanthi kalem malah mangan peyek sapotong karo mlayu ngumpet,
si Tom jengkel njur njupuk sendok gedhe didelehke ing ngisor piring kanggo nyoba mikat Jerry... PLAK!..
eee malah tangane Tom dhewe sing kena.
đŠ Akal-akalane Jerry, dheweke narik bolah sing katlalen ing teko banyu panas.
Nalika Tom nyedhaki teko alon-alon... ora ngira "Thing..!!" lan "Byuurrr". Banyu wutah pas ing ngarepe Tom (tujune banyune wis ora panas) andadeke jogan lunyu... apa sing kedaden? si Tom (kucing) kepleset lan mental tekan njaban warung.
đŠ Dumadakan njedhul mungsuh anyar Kucing Garong gedhe lan galak. Dheweke weruh peyek ing tangane Jerry. Jerry lan uga Tom ngadeg padha kaget, njur pandeng-pandengan. Tanpa dikomandho Tom lan Jerry akur sarujuk dhisik kanggo nglawan mungsuh anyar iku.
đ€ Gotong royong dadakan.
Tom nylamur Kucing Garong iku, wondene si Jerry nyawurake potongan lombok rawit nyang irunge si kucing garong.., "Wha..zzimm!!!".đ€ Kucing garong mlayu kepedhesen.
đ€ Wusanane, Tom mesem bombong... banjur noleh nyang Jerry. Jerry mesem uga karo nggayemi turahan peyek.
Sidhem sawetara....
Tom kaya dielingake... "Meyoong!"
Oyak-oyakan kawiwitan meneh, metu njaba warung ngliwati omah-omah kampung.
✍️ Eliding dongeng.
Kalamangsa mungsuh kita sing abot dhewe... malah bisa dadi sekuthon nalika dibutuhake. Nanging, ya.. bali nang padatane bisa pepadon meneh yen ta ora akur nalika ngadhepi prakara sepele. Ya, kaya mangkono sipate manungsa yen kapentingane seje njur gontok-gontokan golek slamet dhewe-dhewe.
Gonjang-ganjing pulitik ing wekasan iki kadyadene tuladhane huhuran (saingan) Tom lan Jerry đ« đ„±
Heeem... saingan rebutan balung lan kwasa padhadene oyak-oyakan kaya Tom lan Jerry. Perang rudhal kaya ing tlatah Timur Tengah utawa perang Bratayuda ing pewayangan lan crita-crita bocah taruna padha kerah kroyokan. đđ»đŒđŒ
JM, parak esuk, 17426
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar