CAKAL-BAKAL KORUPSI
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/19TBudPmCD/ Yen ana pitakonan... "Apa gawean sing angel dhewe tumraping tehnisi komputer/laptop?" Mbokmenawa akeh sing mangsuli 'mbenake laptop sing mati babar pisan (mati total).' Kamangka miturut si tehnisi... sing angel dhewe malah nalika kudu milih antarane dhuwit utawa kejujuran. Piye iku nalare? Kira-kira telung minggu kepungkur... Sawijine bapak seragam korpri (ASN) teka nggawa laptop kantore. Rusake lumayan banget abot yaiku, sawuse dipriksa, prelu ngganti saperangan bagean piranti jeron laptop (sperpat) lan kudu digarap (serpis) klawan tliti. Rong jam sabanjure... Laptop bali urip meneh lumrah kaya adate. Bapak iku katon marem, "Sokur Alhamdulillah, sidane bisa dianggo maneh." Si tehnisi melu seneng, banjur ngetung wragade kabeh, "Sedaya Rp450 ewu, Pak." Panjenengane (si Bapak) enggal ngetokake dhuwit atusan ewu 5 cacahe, ora nganggo nganyang barang, malah ujar, "Mas susuke kersan...