TUKANG SERPIS MOTOR
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/195x1bEUA1/
Sawijining bingkil cilik pinggir dalan, montire jenenge Udin, kondhang grapyak, trampil lan jujur.
Esuk-esuk, ana bapak-bapak nuntun pit motor sing ana swarane " kretek... kretek... brek... brek..."
"Mas, tulung mas dibenake , motorku kok unine aneh, ya?" takone si Bapak.
Udin mesem karo ngelus janggute lan manggut-manggut, "Wah, niki penyakite awrat, Pak!"
"Wadhuh... kudu ganti mesin?"
"Boten prelu, Pak!"
"Kudu, ngedhunke mesin?"
"Boten prelu ugi, Pak!"
"Lha... terus piye?"
Udin mangsuli kanthi praupan mencureng, "Cobi Bapak copot gantungan kuncine niku. Isinine sendhok, gunting, obeng lsp... niku sing damel nywara-nywara wau, Pak."
"Woo... alah, aku ora nglegewa" si Bapak sanalika mesem kecut isin-isin.
Durung nganti ngguyu, teka meneh pawongan liya.
"Mas, motorku kok abot tarikane ya?"
Udin nyoba numpaki pitmotor iku sedhela, njur takon: "Pak, adade motor niki ditumpaki tiyang kalih nggih?"
"Iya, kenapa?"
"Dinten niki piyambakan?"
"Iya."
si Udin celathu:"Ooo, pantesan awrat?"
"Lho, kok pantesan ki piye?"
"Lha wong niki rim tangan Bapak taksih digondheli lan digeret tiyang saking nggriya"
Kabeh wong ing bingkil padha ngguyu. đ€Șđ
Wayah sorene, teka cah nom-noman.
"Bro, knalpot racing-ku kok swarane ilang ya?"
Udin mriksa sedhela, "Lha ya, cetha ilang!"
"Kenapa, Din?"
"Mergane, knalpot racing-e wis diijoli bapakmu nganggo knalpot asline. Jarene, bene tangga-tangga bisa turu angler."
Cah nom iku mung mlongo ae.
đ«š
Udin mung mesem karo ujar, "Ing bingkil iki, motor kena rusak... nanging aja nganti ngrusak pasrawungan karo tangga teparo." đ€
Wiwit dina iku, bingkil Udin sangsaya rame, ora merga montire pinter, nanging merga saben kang mulih nggawa motore sing diserpis.., Beres!...đ, weteng pegel merga kakehan ngguyu.đ€Șđ
~ gagat bangun, 07726 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Tukang Servis Motor yang Terlalu Jujur
Di sebuah bengkel kecil di pinggir jalan, hiduplah seorang montir bernama Udin. Ia terkenal ramah, cekatan, tetapi juga terlalu jujur.
Suatu pagi datang seorang bapak membawa motor yang bunyinya, "kletek... kletek... brek... brek..."
"Mas, tolong diperbaiki. Motor saya kok bunyinya aneh ya?" tanya si bapak.
Udin mengelus dagunya sambil mengangguk-angguk."Wah, ini penyakitnya berat, Pak."
"Waduh... harus ganti mesin?"
"Enggak."
"Harus turun mesin?"
"Enggak juga."
"Lalu apa?"
Udin menjawab dengan wajah serius,"Coba Bapak lepas dulu gantungan kuncinya. Isinya sendok, gunting, obeng, senter, pembuka botol, sama miniatur truk. Itu yang bunyi dari tadi."
Si bapak langsung tersipu malu.
Belum sempat tertawa, datang lagi pelanggan lain.
"Mas, motor saya kok tarikannya berat ya?"
Udin mencoba motor itu sebentar, lalu bertanya,"Pak, biasanya motor ini dipakai berdua?"
"Iya."
"Hari ini sendirian?"
"Iya."
"Pantesan berat..."
"Lho kok pantes?"
"Soalnya rem tangan Bapak masih ditarik dari rumah."
Semua orang di bengkel langsung tertawa.
Sore harinya datang seorang anak muda.
"Bang, knalpot racing saya kok suaranya hilang?"
Udin memeriksa sebentar lalu berkata,"Ya jelas hilang."
"Kenapa?"
"Soalnya knalpot racing-nya sudah diganti sama knalpot standar sama bapakmu tadi pagi. Katanya biar tetangga bisa tidur nyenyak."
Anak muda itu melongo.
Udin hanya tersenyum sambil berkata,"Di bengkel ini, motor boleh rusak... tapi jangan sampai hubungan dengan tetangga ikut rusak!"
Sejak hari itu, bengkel Udin makin ramai. Bukan hanya karena montirnya pintar, tetapi karena setiap pelanggan pulang membawa motor yang beres... dan perut yang pegal karena terlalu banyak tertawa.
Komentar
Posting Komentar