LAGU-LAGU DOLANAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1ENYg31W1J/

Para kadang sutresna basa Jawi, mangga kaaturan cathetan sawetawis lagu-lagu dolanan kang kaimpun sasagedipun, bilih panjenengan taksih kagungan kathah lagu sanesipun, katuran paring wimbuhan kaangge njangkepi cathetan, nuwun... matur nuwun 🙏


1. *GUNDHUL GUNDHUL PACUL*

Gundhul-gundhul pacul…cul gĂȘmbĂšlĂšngan

Nyunggi-nyunggi wakul…kul gĂȘmbĂšlĂšngan

Wakul ngglimpang sĂȘgane dadi sak latar

Wakul ngglimpang sĂȘgane dadi sak latar


2. *SLUKU SLUKU BATHÕK*

Sluku-sluku bathÔk

BathÔke ela-elo

Si RĂ„mĂ„ mĂȘnyang Solo

LĂšh-olĂšhe payung mutho


Mak jĂȘnthit lolo lo bah

WÔng mati ora obah

YĂšn obah mĂȘdĂšni bocah

YĂšn urip golĂška dhuwit


3. *PADHANG MBULAN*

Yo prÄkÄncÄ dolanan nÚng njÄbÄ

Padhang mbulan padhange kÄyÄ rinÄ

rĂȘmbulane… ne

Sing ngawe awe

Ngelingake ÄjÄ pÄdhÄ turu sore


4. MÕNTÕR-MÕNTÕR CILIK

MÔntÔr mÔntÔr cilik

Sing nunggang mblĂȘnĂȘg

Lungguh lĂȘnggat lĂȘnggut

Ngantuk siat siut

JĂȘgagik nĂšng tĂȘngah krĂȘtĂȘg

ÅnĂ„ grobak mandhĂȘg

Grobake isi babi

Ambune ra pati wangi

Pak sopir cungar cungir

Babine njĂȘdhar njĂȘdhir

MĂ”ntĂ”re tĂȘrus mlaku

Babine muni sĂȘru

NgÔk GrÔ Ôk... NgÔk GrÔ Ôk..

NgÔk NgÔk... GrÔ Ôk...


5. JAMURAN

Jamuran yÄ gege thÔk

Jamur ÄpÄ yÄ gege thÔk

Jamur gajih mbĂȘjijih sa Ă„rĂ„-Ă„rĂ„

SirÄ mbadhe jamur ÄpÄ


6. SLÈDUR-SLÈDUR

SlĂšdur-slĂšdur, pak mantri dhahar bubur kĂȘpanasĂȘn mumbul-mumbul..         (3X)


7. ÕNTÕNG-ÕNTÕNG BÕLÕNG

ÕntĂ”ng-Ă”ntĂ”ng bĂ”lĂ”ng

adu mĂȘrak adu sapi,

mĂȘcah-Ă„ ndhĂ”g-e siji


ÕntĂ”ng-Ă”ntĂ”ng bĂ”lĂ”ng

adu mĂȘrak adu wĂȘdhus

mĂȘcah-Ă„ ndhĂ”g-e satus


YĂȘg uyĂȘg ranti, Ă„nĂ„ bĂšbĂšk pinggir kali

sĂȘrĂ”ntang sĂȘranting mbĂ”k nyai nyĂ”lĂ”ng gunting

guntinge mbĂ”k cĂȘmĂ„rĂ„, thithit thuwit kĂȘmbang Ă„pĂ„?


8. *TIKUS BUNTUNG*

Tikus.. buntung .... 

duwe anak .. buntung ..... 

Cicit cuwit cicit cuwit ..... 

si tikus sÄbÄ nÚng lumbung.


9. *CUBLAK CUBLAK SUWÊNG*

Cublak cublak suwĂȘng..

suwĂȘnge ting gĂȘlĂšntĂšr..

mambu kĂȘtundhung gudĂšl


Pak ĂȘmpĂ”ng lera-lere

sĂ„pĂ„ ngguyu ndĂȘlik–ake

sir-sir pĂ”ng dhĂȘle gĂ”sĂ”ng

sir sir pĂ”ng dhĂȘle gĂ”sĂ”ng...


10. *G Õ T R I*

GĂ”tri lĂȘgĂȘndri nĂ„gĂ„sari.. ri

riwul owal awul jadah mĂȘntul.. tul

tolĂšn olĂšn olĂšn jadah mantĂšn ..tĂšn

(ti)tĂšnĂ„nĂ„ besuk gĂȘdhe dadi Ă„pĂ„.. pĂ„

pĂ„dhĂ„ mbakul enak mbakul sĂȘdhĂȘng.. dhĂȘng

dhĂȘngklĂ”k engklak engklĂ”k kĂ„yĂ„ kĂ”dhĂ”k


11. *BANG BANG TUT*

Bang bang tut jĂȘndhelĂ„ ewĂ„ ewĂ„

sĂ„pĂ„ brai ngĂȘntut ditumbak rĂ„jĂ„ tuwĂ„

nyang kali ngisĂšni kĂȘndhi

jĂȘruk purut wadhah ĂȘntuutt


12. *DHOMINO*

Dhomino ii dhomino 

ÄnÄ babu nggendhÔng sinyo

sinyone nangis wae didolani mÔntÔr mabur

mĂ”ntĂ”r mabur kapal udhara 

numpak sĂȘpur mudhun Jakarta

jakarta akĂšh copĂšte sopir becak akĂšh dhuwite

dhuwite mung sĂȘlawe 

njaluk dijÔtÔs lambe ndomble


13. *KUCING GANDHIK*

Kucing gandhik………. meĂ”ng

(o)Mahmu ngĂȘndi…… ngerĂ”ng

(a)PĂ„ ra gatĂȘl………….  adus

(a)PĂ„ ra adhĂȘm………… kĂȘmul

(a)PĂ„ nduwe kĂȘmul…. tuku

(a)PĂ„ nduwe dhuwit…….. utang

(a)PĂ„ (i)sĂ„ nyaur……. ngĂȘmplang

YĂšn ditagih……………..  ndhĂȘlik

YĂšn dioyak……………..  mlayu

YĂšn dicĂȘgat…………….  mlumpat


14. *D H A Y Õ H*

E…. dhayĂ”he tĂȘkĂ„

e…. gĂȘlarnĂ„ klĂ„sĂ„

e…. klasane bĂȘdhah

e…. tambalĂȘn jadah

e…. jadahe mambu

e…. pakaknĂ„ asu

e…. asune mati

e…. kĂšlĂšknĂ„ kali

e…. kaline banjir

e…. cĂšnthĂšlnĂ„ pagĂȘr

e…. pagĂȘre ambruk

e…. dĂšlĂšhnĂ„ ngĂȘbuk


15. *M E N T H Õ G*

MenthÔg menthÔg , tak kandhani

Mung rupamu, angisin ngisini

MbÔk yÄ ÄjÄ ngetÔk , ÄnÄ kandhang wae

Enak enak ngÔrÔk , ora nyambut gawe

MenthÔg menthÔg , mung lakumu

Megal megÔl , gawe guyu


16. *KIDANG TALUN* 

Kidang talun

Mangan kacang talun

Mil kĂȘthĂȘmil mil kĂȘthĂȘmil

Si Kidang mangan lĂȘmbayung


17. *TE-KATE DIPANAH*

Te-kate dipanah

Dipanah ngisĂ”r gĂȘlagah

ÅnĂ„ manuk ondhe-ondhe

BÔk sir bÔmbÔk , BÔk sir kate

BÔk sir bÔmbÔk , BÔk sir kate


18. *L I R   I L I R*


Lir ilir lir ilir , tandure wus sumilir

Tak ijo royo royo , tak sĂȘngguh tĂȘmantĂšn anyar

Cah angÔn cah angÔn , pÚnÚknÄ blimbing kuwi

Lunyu lunyu pÚnÚknÄ , kanggo ngumbah dÔdÔdirÄ


DĂ”dĂ”dirĂ„ dĂ”dĂ”dirĂ„ , kumitir bĂȘdhah ing pinggir

DĂ”ndĂ”mĂ„nĂ„ jlumatĂ„nĂ„ , kanggo sebĂ„ mĂȘngko sore

Mumpung padhang rĂȘmbulane , mumpung jĂȘmbar kalangane

YĂ„…surak-ÄÄÄ …..suraak….Hoo..reeee…..


19. *SUWE ORA JAMU*

Suwe ora jamu

Jamu godhong telÄ

Suwe orĂ„ kĂȘtĂȘmu

KĂȘtĂȘmu pisan gawe gĂȘlĂ„


20. *GAMBANG SULING*

Gambang suling kumandhang swarane

Thulat thulit , kĂȘpenak unine

Uuu unine mung nrĂȘnyuhake

BarĂȘngan kĂȘntrung , kĂȘtipung suling

Sigrak kĂȘndhangane.


21. *SAIKI AKU WIS GEDHE*

Saiki aku wis gedhe..

sĂȘkolah mangkat dhewe..

ora usah diĂȘtĂȘrake..

barĂȘng karo kancane..


YĂšn mlaku turut pinggiran,

ora parĂȘng gojĂšgan…

nĂšng ndalan akĂšh kĂȘndharaan

mĂȘngko mundhak tabrakan


22. *SIJI LORO TÊLU*

Siji loro tĂȘlu,

astane sĂȘdhĂȘku,

mirĂȘngake bu guru

mĂȘnĂ„wĂ„ didangu..


Papat nuli limÄ..

lĂȘnggahe sing tĂ„tĂ„,

ÄjÄ pÄdhÄ sembrÄnÄ,

mundhak ora bisÄ


23. *_J A R A N A N_*

Jaranan-jaranan…jarane jaran tĂšji

Sing numpak ndÄrÄ bÚi

Sing ngiring pÄrÄ mantri

JĂšg jĂšg nĂ”ng…jĂšg jĂšg gung


PrÔk prÔk turut lurung

GĂȘdĂȘbug krincing gĂȘdĂȘbug krincing

PrĂ”k prĂ”k gĂȘdĂȘbug jĂȘdhĂšr.


24. *_KÕDHÕK NGORÈK_*

KÔdhÔk ngorÚk kÔdhÔk ngorÚk , ngorÚk pinggir kali

TheyÔt thÚblung theyÔt thÚblung , theyÔt theyÔt thÚblung

GolĂšk pangan golĂšk pangan, golĂšk nyang blumbangan

TheyÔt thÚblung theyÔt thÚblung, theyÔt theyÔt thÚblung.


25. *_PITIK WALIK JAMBUL_*

Pitik walik jambul ul, sĂȘgĂ„ golong mambu enthĂ”ng

MĂ„nggĂ„ sami kondur ur, wĂȘtĂȘng kulĂ„ sampun kĂ”thĂ”ng.

Enakne eenak sĂȘgĂ„ liwĂȘt jangan terĂ”ng. 


TerĂ”nge bundĂȘr bundĂȘr

bocah srĂȘgĂȘp mĂȘsthi pintĂȘr, 

terĂ”nge ijo ijo 

bocah kĂȘsĂšd mĂȘsthi bodho.


26. PITIK TUKUNG

Aku duwe pitik, pitik tukung

sabĂȘn dinĂ„, tak pakani jagung

petĂ”k gĂ”gĂ”k pĂȘtĂ”k pĂȘtĂ”k ngĂȘndhĂ”g siji

tak tĂȘtĂȘske, kabĂšh trĂ”ndhĂ”l dhĂ”l dhĂ”l

tanpÄ wulu, megal-megÔl gÔl gÔl gawe guyu


27. KUPU KUWI

Kupu kuwi dak incupe

Mung aburmu ngewuhake

NgalÔr ngidul ngetan bali ngulÔn

MrÄnÄ-mrene mung saparan-paran

SÄpÄ bisÄ ngincupake

MĂȘntas menclĂ”k cĂȘgrĂȘg

Nuli mabur blĂȘbĂȘr


28. GAJAH, GAJAH

Gajah, gajah, mreneÄ tak kandhani jah

mripat kĂ„yĂ„ larĂ”n, siyung loro, kuping gĂȘdhe

kathik nganggo tlale

buntut cilik, tansah kopat-kapit

sikil kÄyÄ bumbung

mung mlakumu megal megÔl


29. ÕTÕK  ÕTÕK.

ÕtĂ”k Ă”tĂ”k unine tĂȘkĂšk

CinÔ klÔnthÔng dioyak singkÚk

Mlayu mlayu kĂȘplĂšsĂšt tĂȘlĂšk

TibÄ ndhÔdhÔk kathÔke suwÚk.


30. IBU, KULÅ NYUWUN ARTÅ

Ibu, kulÄ nyuwun artÄ

Ing njawi wĂ”ntĂȘn kere

Kere lumpuh tuwin wutÄ

Sambat ngĂȘlak lan luwe


EnyÄ iki wÚnÚhÄnÄ

SĂȘgĂ„ iwak lan banyu

Lan kerene kandhanÄnÄ

KĂ”n mrene sabĂȘn minggu .


31. PAMAN

Pamanku ing paprangan

Amimpin prÄ wadyÄ

WadyÄ bÄlÄ dharatan

Pujiku slamĂȘtĂ„

Pujiku slamĂȘtĂ„.


Lha kae Ă„nĂ„ upas tĂȘkĂ„

SĂȘmune ngwatiri

AnggÄwÄ layang kabar

YĂšn paman wis sedĂ„ 

YÚn paman wis sedÄ .


32. ÅPÅ KOWE

ÅpĂ„ kowe ra kĂšlingan

NalikÄ isih bayi

YĂšn nangis ngowĂšk ngowĂšk

YĂšn turu mĂȘsthi ngĂ”mpĂ”l 


Saikine uwis gĂȘdhe

Uwis ora tau ngÔmpÔl

Uwis dadi bocah pintĂȘr

Suk gĂȘdhe dadi dhĂ”kter.


Saikine uwis gĂȘdhe

Uwis dadi bocah pintĂȘr

Tumpakane mÔntÔr mabur

Wis pÄdhÄ dadi insinyur


33. SRÊNGENGE NYUNAR

SrĂȘngenge nyunar kanthi mulyĂ„

Angine midid klawan rĂȘnĂ„.

Manuke ngocÚh ÄnÄ ing wit-witan

Kewane nambut Ă„nĂ„ ing pasukĂȘtan.


Ayo pÄdhÄ muji Allah kang mulyÄ

Ayo pÄdhÄ muji Allah kang mulyÄ.


   ~ kaklĂȘmpakakĂȘn dening ~

             ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

             [^__^]  [^__^]


nate kainggah :

https://www.facebook.com/share/1EcUNJQZcc/

Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-