AJA ISIN MIWITI SAKA NUL
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1DH1maez48/
Ora ana uwit gedhe kang thukule dumadakan dhuwur jroning sawengi. Kabeh kawiwitan saka wiji cilik kang tinandur, diopeni, banjur thukul klawan sabar.
Mangkono uga tumraping panguripan lan pakaryan. Aja nate duwe rasa asor merga kudu miwiti seka nul tanpa pawitan. Kang kudune gawe kita isin yaiku ora miwiti seka ngisor, nanging mundur sadurunge nyoba.
Akeh uwong kasil maju (sukses) kang maune dodolan ing emperan, mawa pawitan saanane. Ananging, rasane kabeh nduweni pepadhan, sairip yaiku ora mandheg utawa mundur mlangkah, nanging terus maju senadyan akeh krikil sing bisa mlesetake.
Aja iwed nandhingake mula bukane pangupayamu karo asil kang wus digayuh wong liya. Saben wong nduweni wektu, pacoban lan rejekine dhewe-dhewe.
Yen dina iki upayamu isih sithik lan cilik, gematenana ngopeni kanthi sabar lan jujur. Dene sing tuku isih sithik, ladeni klawan tekat lan tulusing ati. Yen bathine durung akeh, tetepa anyokuri lan terus nggegulang. Sabab kagayuhing asil ora dumadi seka wong kang cepet dhewe, nanging kapatrapan marang kang tekun tuwin tlaten.
Elinga..!
Miwiti saka nul dudu mujudake sawijine kanisthan. Malah... saka iku kita nduweni kakendelan kanggo ngowahi nasib klawan tetep ndedonga lan tumemen ngupaya.
Aja kuwatir mlangkah! Salangkah cilik dina iki bisa njalari wiwitaning lelakon gedhe ing tembe ngarep.
Tetep gumregut mempeng, tetep andhap asor lan aja nate isin miwiti saka nul pawitan sapala. Marga saben gegayuhan gedhe diwiwiti dening langkah cilik kang ambek sura.
Salam tentrem rahayu kang tinemu
bagas saras kang linaras
mugya Gusti amberkahi...
Aa_aamin A__aamin đđ
~ anambut esuk, 24726 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar