PANGADILAN NETEPAKE PRAKARA, SWARANE NALA NETEPAKE KATENTREMAN
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1HR3oYVTw4/
Kamar sidhang dikebaki para pamigati kaadilan ukum. Hakim lenggah ing sanggasanane katon praupan sareh mrabawani.
"Kadakwa, apa sliramu ngaku salah?", pitakone hakim.
Si kadakwa ngadeg ndegek.
"Pak Hakim, miturut adpokat kula, kula mboten lepat."
Hakim manggut-manggut.
"Banjur miturut swaraning njeron atimu dhewe, piye?"
Kahanan temahan sidhem.
Kang kadakwa tumungkul suwe.
Wusanane dheweke celathu alon, "Menawi miturut batos kula... jujur pancen kula lepat, pak Hakim!"
Adpokate enggalan mbisiki sajak mbingungi,
"Pak... aja jujur saiki!"
Si kadakwa mangsuli lirih,
"Wiwit wau kula nyobi goroh. Nanging manah kula raoase enten kang tansah nothok mbisiki."
Hakim mesem,
"Sliramu ngerti sapa sing ndhodhog atimu?"
Si Kadakwa mung nggelengake sirah.
Hakim,
"Swara jroning ati pancen ora trampil mbengok, nanging uga ora tau mandheg mbisiki."
Kamar sidhang dadi sidhem sami.
Hakim mbacutake,
"Wong bisa mblithuki pulisi, bisa mblithuki hakim, malah bisa mblithuki sadonya. Ananging, ora ana sawijia uwong kang bisa mblithuki bisikan ati sing paling jero."
Si kadakwa manthuk-manthuk karo neteske eluhe.
Sadurunge nuthuk palu, Hakim ujar,
"Ukuman pancen nyerikake! Nanging nyelaki swaraning jroning nala, racake banget nyerikake luwih suwe rinasakake!"
Nuli, palu sidhang kathuthukake... Dhog dhog! đš
Ing njaba kamar sidhang, kuli warta ya sang wartawan takon marang kang kadakwa,
"Apa panjenengan keduwung wus ngaku jujur?"
Si kadakwa mesem tipis,
"Yen aku goroh terus, mbokmenawa aku bisa menang dina iki. Nanging nyatakake jujur, saorane bengi iki aku bisa turu angler." đŽđŽ
Wiwit dina iku akeh wong ngeling-eling sawijining tembung :
"Pengadilan bisa netepake prakara, nanging swaraning njeron ati netepake rasa ayem lan katentreman!"
~ gagat bangun, 12726 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar