GILIRAN KESANDHUNG WATUNE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1B3hXoCQbL/

Roni: "Delengen iku si Darto. Lagi wiwit buka pakaryan (usaha) ciik-cilikan wae, pratingkahe wis kaya juragan gedhe!"


Yanto: "Aja kaya ngono iku, Ron! Kabeh wong uga wiwitane seka cilik."


Roni: "Ahh... paling tutup jroning etungan wulan."


Sawetara wektu banjure...>


Yanto: "Ron, awakmu wis krungu? Darto saiki wis buka cawang/cabang kapindho."


Roni: "Hah? Sing bener!?"


Yanto: "Iya. Malah dheweke lagi golek rewang kanggo pegawe."


Roni: "Wadhuh... kamangka pakaryanku malah sepi." đŸ«Ą


Yanto: "Ya kaya iku sing kerep kadadean. Nalika kita iwed ngremehake, dheweke nggethu sregep ngowahi piye murih becike."


Roni: "Saiki aku lagi ngrumangsani, yen sanyatane sing prelu diowahi dudu ngrasani pakaryaning wong liya, nanging carane kita mikir."


Yanto: "Iya bener iku! Urip iku mligi tartamtu. Wong sing kita geguyu dina iki, bisa wae sesuk malah dadi anjalari kita nyinaoni tuladhane."


Roni: "Wiwit iki aku kapok nyepeleke wong liya. Jalaran.., kasunyatane sing kesandhung watune malah awakku dhewe... huhuhu." đŸ€­


Eliding tuladha:

Ngremehke uwong liya pancen gampang.

Ngakoni kadibyan/kaluwihan wong liya pancen ora gampang. 

Ananging, urip asring menehi tuladha lamun kaangkuhan, rasa umuk bakal rumuntuh dening kasunyatan. Dene patrap andhap asor anuntun uwong bisa maju tambah nderbala.


~ madya raina, 17726 ~

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangĂȘn-