SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1bDuJ1JtWS/
Wonten kalamangsanipun dinten-dinten bilih wande, toko utawi pakaryan kraos sepen, pesenan boten kados padatanipun. Lajeng salebeting batos wiwit ngudaraos: "Apa iya pagaweanku iki bakal tutup?"
Bilih kawontenan punika kita alami. sampun ngantos enggal-enggal nglokro/kendho.
Sepenipun pangupados boten ateges Gusti nutup wenganing rejeki. Bokbilih, Gusti ngarsakaken kita langkung sabar, langkung gumregah, langkung andhap asor lan langkung angaosi para lengganan ingkang tetumbas.
Kaemutana, bilih rejeki boten tansah awujud yatra. Badan kang taksih sehat, kulawarga kang tetep tansah anyengkuyung, kerabat tuwin para tepungan jurung semangat sarta wewengan pendhak enjing tangi kanthi bagas saras, sadaya punika mujudaken rejeki ingkang boten saged punkesupenaken konjuk sokur dhumateng Gusti Kang Ma Asih.
Sampun ngantos sepening sadean damel kandheging semangat. Malah prayogi kangge nggagas-nggagas ngrancang modhel enggal ngladosi para langganan, lan temtunipun terus ndedonga nyuwun Gusti pinaringan margi ingkang gangsar.
Jalaran boten wonten wanci tansah dalu, nanging badhe ginantosan pajar dumugi raina. Makaten ugi lumampahing usaha, sesadean lan padamelan sanesipun. Wanci surut hamung bagean saking dumadining kadiwasan lan kasuksesan.
Tetepa pitados...
"Pakaryan saged kemawon sepen, ananging sampun ngantos ngendhokaken pangarsa-arsa kang sinedya. Pra langganan bokmenawi dinten punika boten dhateng, ananging rejeki saking Gusti marginipun winenga kangge sok sintena ingkang boten kendel ngupados lan terus ndedonga ngandhelaken pitulunganipun Gusti."
Prayogi tetep njangkah.
Dinten punika dereng rame, ananging sinten mangertos bilih benjing dumadi wiwitaning ewah-ewahan ageng kang kita tengga... Puji Gusti namung karsanipun Gusti rumentah mring kita... Aa_aamin đ
"Upados kang terus punemi-emi, pungematosi srana pandonga, kasabaran lan kajujuran bilih radi rendhet, ananging oyot minangka dhedhasaring upados langkung kiyat."
"Sinten kang tumemen badhe tinemenan estu!"
Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti mugya rumentah mring kita sangyaning umat kinasihipun...
Aa_aamin đ A__aamin đ
~ pajar sidik, 25726 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar