PANGAYOMAN SALEBETING PANOLAKING SEDYA
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/17u8ofxBEv/
Para kadang sanggyaning umat kinasihing Gusti, bokbilih kita nate ngraosaken paitipun panolaking sedya kita. Klebet pedamelan kang kita idhamaken, gegayuhan kang boten katurutan lan sanesipun. Panolaking kala wau tansah nilaraken raos pingget ing manah, kados-kados sadaya pangajeng-ajengan rumuntuh ambyar.
Gusti asring makarya langkung margi ingkang boten kita kinten. Panolaking sedya boten ateges mrucut boten pikantuk damel (gagal). Ananging saged kemawon wujuding pangayoman. Kauningana Gusti nutup kontên jalaran Panjenenganipun pirsa dene ing suwalikipun kontên badhe damel nyilakani kita. Kita pitados lan ngugemi bilih rancanganipun Gusti tansah sarwa sae tumraping gesang kita nadyan sacara kamanungsan boten sadaya ketingal .
Nalika kita ngalami kawontenan makaten, mbokmenawi adamel kita sanggarunggi (boten pitados) margi kaleresaning Gusti, awit kita boten ningali kontên tinarbuka sangajeng kita. Ing ngriku iman kapitadosan kita dipun uji, punapa kita lumampah sesarengan Gusti punapa kita milih margi linandhesan pangertosan kita piyambak?
Sumangga kita sinau nyumurupi panolaking kasedyan punika sanes minangka pungkasan, tamating samudayanipun, ananging minangka dipun timbali supados kita celak kalihan Gusti. Nalika satunggal kontên katutup, kita pitados bilih Gusti Allah sampun nyawisaken kontên winenga sanesipun langkung sae tumuju kawilujengan saturut kaliyan Karsanipun Gusti.
Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti...
Nuwun, Gusti amberkahi...
Aa_aamin... A__aamin 🙏🙏
~ ndungkap enjing, 29726 ~
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar