Postingan

GUSTI PARING KITÅ NUGRÅHÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1FWNcxGTUa/ Gusti wus paring kitå nugråhå alam iki saisinyå kanggo kauripan kang endah asri pådhådene samyå tabêri ngrumati. Krånå ulah datan kêndhali lan srakah nora ambêjaji alam kinêruk, kinuras sapriki datan prêduli dinå mburi. Alam nora manèh rukun gêmati nimbul bramantyå anrajang donyå Oh, lindhu lan bandhang nggêgirisi anyêbar prahårå gawe duhkitå. Jagat-råyå, Allah pancipta-nyå Gusti angrênggå elõk asri Ayo, gumregah grêgêt kitå nrêsnani karyå-Nyå, nrêsnani bumi. ~ lingsir wêngi, 301026 ~             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

WARGA MBEDHOLI WINIH SAWIT TILAS KARHUTLA

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DsuVpEgG8/ Datan bisa sinawang alas ijo sing ngresepake lan ngadhemake pandulu ing alas tilas kobongan gedhen-gedhen (karhutla). Sing katon malah turahan wit-witan gosong, lemah gembur mbludhuk sarta garing sing mbutuhake wektu suwe supaya bisa pulih. Ananging, kang gawe miris, ee... lha kok wis ana winih sawit thukul sajak ditandur ora duwe idi rasmi aliyas 'ilegal'. Hemmm... iba ironine (ora mapan ing sabenere) tangan-tangan golek kauntungane dhewe. Kahanan kadya mangkono ora ndadekake warga mung sedheku meneng bae. Hee..., para kang duwe wenang, ya pandheganing praja, para bupati, gubernur, ing ngendi gercep (gerak cepet) sampean, masa kalah karo warga masarakat sing preduli? Warga masarakat klawan tangane dhewe mbedholi winih sawit sing wiwit thukul karo ngijoli nganggo winih-winih uwit taneman pangayom ('pelindung') sinebarake. Wong-wong padha duwe pangarep-arep, ing wancine mengko tlatah kang gosong iku bisa p...

IRONI PANGUPAYA lan PANGOLAHAN SUMBERING BANYU RESIK

Gambar
  kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/194xEx368E/ Pasal 33 ayat 3 Undang-Undang Dasar (UUD) 1945: " Bumi dan air dan kekayaan alam yang terkandung di dalamnya dikuasai oleh negara dan dipergunakan untuk sebesar-besarnya kemakmuran rakyat." ✍️✍️ Nyurasani unine pasal 33 ay 3 UUD '45 kasebut cetha lan terwaca : Tujuan utamane yaiku: Sakabehe asil lan pangolahan banyu/warih kudune bener-bener kautamakake kanggo katentreman, karaharjan, kaadilan lan kabutuhan urip tumraping rakyat Indonesia, ora kena kanggo anyenyugih dhiri klompok utawa perusahaan tartamtu. Ora dunung, ora mapan sing sabenere (Ironine), sumber banyu resik dikuwasani dening kapentingan dedagangan  pengusaha-pengusaha banyu omben kemasan, tundhone-> kawusanane masarakat kudu bayar larang supaya bisa migunakake kanggo kapreluan pendhak dinane. Iki hak dhasar kamanungsan sing diterak⁉️✍️ Mahkamah Konstitusi lumantar Putusan MK No. 85/PUU-XI/2013 wus murungake kabeh isi UU No. 7 Taun 2004 bab Sum...

ÅJÅ KÕK NISTHÅ SAPÊPÅDHÅ

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Eb9MA87wp/ He pårå kadangku, åjå kõk wirangake sapêpadhamu åjå kõk nisthå kakurangane åjå kõk gêguyu kahanane, sabab ora ånå sawijiå wõng kang sampurnå jroning urip ing ngalam donyå! Pådhå dieling, he manungså tumitahe Gusti Kang Må' Wiseså! Såpå sêjatine sirå iku rumångså luwih dhuwur drajadirå? Mung mêrgå kasugihan, pangkat lan kwåså nuli ngidak-idak aji dhirining sasåmå? Sumurupånå, kitå ciniptå såkå sumbêr kang pådhå! Ngêrtiå, urip lan napas kitå nugrahaning Sang Panciptå! Ngasõrake manungså margå kabêncian lan angkårå murkå,  iku pådhå bae ngasõrake karyå Panciptånyå! Ora prêlu, ora elõk hangråså paling mulyå ora elõk ngagul-agulake kaluwihan, kadigdayan sirå sabab, kamulyan dudu ing rågå nanging ånå ing njero nålå kang kêbak sih trêsnå lan solah båwå njunjung kaurmatan sasåmå. Mulå, ajènånå sabên sapêpådhå, nadyan bedå kalungguhan. Ulurnå tangan, dudu panisthan! Sumêbarnå ambêk påråmartå, dudu ambêk siyå! S...

SALÊMBAR IJASAH ~madesu~

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1GwKxu7JRb/ Salêmbar kêrtas mèsêm ngawe-awe sinimpên rapi ing njêro lêmari tinêbus kringêt twin kêthiyêlan suwe datan watês klawan pirang-pirang ratri. Barang iku rinêkså kadyå makuthå kajayan endah kapacak ing tembõking kamar puniki dadi sêksi sakabèhing pangorbanan èsthining sinêdyå ing wanci kawuri. Kocapå, pijêr datan bêgjå ing jêroning kålbu, kadhang lêmbaran iku mung dadi barang kaku. Ing lêmbar kang ditapak asmå måwå mangsi, ing satêngahing ramene pasar kang nora wigati. Nadyan mangkono, lêmbaran iku têtêp nyåtå ijasah dene akal tau ginêmblèng lan dènasah. Nora sadêrmå wêwatõn luru pagawean nging bukti jiwå tan gampang nglokro têtêp dadi sanggan!    ( madesu >masa depan suram) ~ lingsir wêngi , 241026 ~             ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️             [^__^]  [^__^] 

MALING DANA BENCANA, KORBAN MERANA

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/18cMQqefkB/ Irah-irahan ndhuwur ing basa Indonesia nelake lamun ardana, dhuwit kanggo ngragati bencana (reribed rusaking tlatah panguripaning manungsa: banjir bandhang, lemah longsor, kabongan alas, lsp lsp) lha kok dirayah, dirampok. Kang lagi kondhang  samengko iki kobongan (kabesmen) wana wasa kang gawe rusaking alam ngrampas bandha sumber panguripan, omah, kebon malah kurban jiwa para sukarelawan. Ing kahanan iku temtu enggal mbutuhake pitulungan, uluran tangan lan guyub rukun gotong royong.  Nanging, mendah nea nyerikake ing satengahing reribet kasedhihan, kasangsaran para kurban (kurban merana, bs.Ind), eee... lha kok nimbul bencana anyar yaiku tega-tegane nylewengake dana bencana sing kudune kanggo bantuan dirampok dening maling nganggo dhasi sing dipasrahi mandhegani mimpin kanggo ngatasi lan nyegah bencana kerusakan. Huhh, manungsa kang ora duwe ati! kaya mangkono kudu mlebu bui lan diganjar ukuman ...

CAOS SOKUR BERKAHING GUSTI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/1Dtr6dT5Kn/ Manungsa ngelengaken, kapi-adreng karem boten nate marem punapa kang sampun pundarbeki / pungadhahi. Sangsaya kathah ingkang dipun darbeki, saya kathah ugi ingkang punpengini. Punika wujud sipat srakahing manungsa. Pramila sangsaya kathah Sih palimirmanipun Gusti kang tinampi, saya kathah ugi kang nedya punsuwun. " Ora tau narima ing pandum ..." 🫣 – makaten ngendikanipun para pinisepuh– ✍️ Patrap kadya makaten punika tumanduk ugi ing dhiri kita. Tan memper lamun kita dados srakah, malak, nggrangsang kepengin langkung lan kang sarwa langkung kathah malih kemawon. Punika sipat dhasar datan pinuji twin boten elok. Kosok wangsulipun, prayoginipun sampun samesthinipun ngrumaosi berkahipun Gusti kang tinampi sarta kita sangsaya tumungkul mendhakaken raos pangraos nala ing ayunanipun Gusti Allah. Lan rumaos kanthi jujur bilih sadaya kang ginayuh punika minangka paring nugrahaning Gusti Allah, prelu langkung caos ...

APA JENDHELANING ATI KITA WUS LUWIH RESIK DINA IKI?

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1MgfwcoVLs/ Ana piyayi kakung-putri nembe manggon ing sawijining pomahan. Esuk-esuk sajroning sarapan sing putri  nyawang menjaba liwat jendhela kaca lan meruhi tanggane lagi mepe sandhangan. Njur sing putri ujar nang garwane : "Pirsanana pak, kae lho kumbahane katon kurang resik ya, sajake dheweke nora ngerti carane ngumbahi sing bener. Mbokmenawa butuh sabun cuci sing luwih apik." Garwane noleh, nanging mung meneng bae karo mesem nora aweh wangsulan apa-apa. Wiwit kuwi pendhak esuk tanggane mepe sandhangan, sing putri tansah alok rerasanan padha karo dina-dina sapungkure bab tanggane olehe kurang resik ngumbahi sandhangane. Seminggu sabanjure ............... Ing sawijining esuk sing putri gumun meruhi  sandhangan kang dipepe tanggane kok katon resik banget ya. Sing putri celathu nang garwane, "Kae lho pak.., sajake tangga kita wus sinau carane ngumbahi sing bener. Esuk iki kumbahane wus resik, apa dheweke n...

KI LURAH SEMAR BADRANAYA Paring piweling

Gambar
  Copas   kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1cWuBC6A24/ Laaee, Laee, Laee, Laee. Mbegegeg ugeg ugeg sak dulita hemel hemel. Tholeeee ........ Gareng Petruk lan Bagooong. Rungokna tholeeeee tak meling nyang kowe kabeh ....... Bukaken kupingmu ...... Tatanen atimu ......... Weningna pikirmu ........ Ngrasakkeee urip ing *jaman edan* kaya saiki iki, kowe kabeh kuduuuuu ngati-ati. Kuduuuu eling lan waspada.  Jalaran akeh  macan kekudhung kulit wedhus.  Singa kekudhung lulang sapi,  bajul kekudhung lulang kebo. Ana maliiiiing nganggo klambine polisi.  Ana garoooong macak memper kyai.  Ana genthooo gayane sesinglon santri. Ana rampooook omongane niru rama lan pendhita. Ngalor ngiduuul sing dikempit kitab suci.   Ngalor ngiduul sing dikojahake prekara agama. Laeee, Laee Laee Laeee ....... Jubulane akeh ngulama adol agama.  Akeh pandhitaaa adol donga.  Akeh pejabaat adol pangkat.  Akeh hakim adol hukum.  ...

ANYENGKUYUNG TUMAPAKE PAPRENTAHAN

    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1Cd4nNPjhy/ Tumapake sawijining paprentahan bisa lumaku lamun sinengkuyung dening para warganing nagara iku dhewe. Mokal dene pandhegane nagara hamung dhewekan bisa ngayahi samubarang tugas-tugas kaprajane lan bisa lumaku kanthi becik lan rancag kabeh apa kang dadi sedyane. Ya wiwit saka panguwasane nagara ya pandheganing praja tekan ing kawulaning praja nora bisa diselaki kabeh kudu cancut taliwanda gotong royong anyengkuyung bebarengan kanggo mulyaning nagara. Kepriye nagara bisa maju lamun para wargane ya para pamengku praja ya para panguwasa sing kajibah dadi wakile rakyat, para panegak ukum uga kabeh kawula alit padha regejegan belani jagone kanggo ngisi pangrehing nagara? Eling para kadangku tunggal bangsa yen kahanan kaya mangkono di terus2ake bisa andadekake nagara kurang waspada gampang digoyang dening kakuwatan- kakuwatan kang duweni kapentingan pribadi /golongan klebu kekuwatan manca. Ayo kita padha nyawiji ...

KURSI KOSONG ING WANDE KOPI

    kapacak ugi ing  https://www.facebook.com/share/p/14oqPXyztJ7/ Ing wande kopi pak Bejo, pendhak sonten wonten sekawan piyayi sepuh tansah jagongan ing meja pojok wande. Sekawan kadang sobat lami nembe cecaturan bab-bab prasaja: reregen lombok, jagung, uwos, gendhis lan kabetahan saben dinten lan ugi punselingi carios jaman nem-neman. Boten wonten obrolan ingkang mligi istimewa, nanging ing wande kopi punika sadaya sami rumaos pikantuk panggenan ingkang gayeng, cocok kangge cecaturan klawan ngremenaken. Sawijining sonten, kursi nomer tiga kosong. Salah satunggal asmanipun pak Suryo seda kapundhut Gusti amargi gerah. Wande kraos sepen boten kados adatipun. Boten wonten malih gegojegan seru lelucon saking pak Suryo.  Pak Bejo kang gadhah wande tetep kemawon nencem kopi sekawan gelas kados adat sabenipun ing meja pojok, ingkang tigang gelas sampun telas punsruput, ingkang satunggal gelas taksih wetah. Ing ngriku tetiganipun boten wonten ingkang muwun. Piyayi-piyayi s...

KORUPTÕR BÊNTAYANGAN

Gambar
    kapacak uga ing  https://www.facebook.com/share/p/1DrXEzcVf9/ Koruptõr bêntayangan ing ngêndi-êndi, nggrõgõti nêgri datan råså doså. Dhuwit rakyat mbrabas êmbuh mênyang ngêndi, sawêtårå wõng cilik nyånggå sangsårå mangan-ngombe rêkåså. Bênêr-bênêr anèh nêgri tinrêsnan iki,  sing adõh dioyak, sing cêdhak êmbuh kênåpå kalalèkake Sing nyåtå njênggêlêg ing ngarêp mripat kadyå ora ånå åpå-åpå eee... lha kõk sing samar-samar ing kadõhan malah diubêr-ubêr ora karuan. Apå pangadêg ukum wus blawur mripate, åpå måtå kudu oprasi katarak, hemm...🥸 åpå wus bênêr-bênêr ilang kakêndêlane ❓️⁉️ Hee.... pangadêg ukum, åjå ngêjarake kaadilan dadi sandiwårå murahan. Nyåtå-nyåtå korupsi ora mung sadêrmå prakårå ngunthêt dhuwit, nanging pangkiyanatan!  yå... pambalelå bångså! kang gawe sangsårå sanggyane wargå nêgårå. Nêgri iki ora kêkurangan paugêran, nanging sing långkå yåiku kasudiran / kakêndêlan nêtêpake klawan kaadilan sanyåtå!⁉️, malah mbelå såpå sing wani bayar!⁉️......