BESASIKING LELAMISAN KAURIPAN BANGSA ~puisi keprihatinan~
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14xJ5S74Ptj/
Ing nêgri kang sinêbut mardikå
kitå lumaku ing dalan kang pådhå
nanging ênêre rasane bedå,
sing siji ngoyak kuwåså
liyane luru sêgå saêmplõkan.
Ing layar, wartå jumêdhul datan kandhêg,
dinå iki ribut, esuke gumanti
kabênêran campur pamanggih lêlamisan,
swårå rakyat amblês ing antarane janji lan napsu.
Ukum nyêngkõrõng katõn pidêkså,
nanging kadhang jangkahe kråså monga-mangu.
Sing ringkih mung gênggêm pangarêpan sêmu,
sing roså gênggêm gådå digdåyå,
lan kaadilan ngêntèni ing simpangan wêktu.
Ing pasar, rêrêgan têrus mrambat jêjogèdan,
sawêtårå dhompèt rakyat sangsåyå sêpå.
Ing kantõr-kantõr, pådhådene rêbutan kursi,
kalênggahan dadi kabõmbõngan,
dene amanah lõn-lõnan kalalèkake.
Nanging åywå kitå kelangan pangarêpan,
sabab wargå nêgri dudu mung såpå kang lungguh ing dhampar panguwåså.
Wargå nêgri yaiku kitå rakyat kang isih prêduli,
isih wani ngucap kajujuran
lan isih pracåyå yèn nêgri iki biså owah nuju kabêcikan.
Karêbèn mangsi êmas sing nyathêt,
dene ing têngahing mbêsasike kauripan,
isih ana gagasan budi kang pilih kabênêran,
isih ånå tangan kang nampik kasrakahan,
lan isih ånå anak nêgri kang nêdyå ninggalke waris ora kõk sampurnå,
nanging kang luwih bêcik katandhing kang kitå tåmpå.
Sabab nêgri tinrêsnan
ora bakal ajur mumur mung dening trajangan bayu-båjrå
nanging, bakal sirnå lamun kitå kabèh kandhêg ing kaprêdulian.
~ esuk_dhêpis, 061026 ~
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]


Komentar
Posting Komentar