KUNJARA BOBROK PANGUPADRAWANE

   kapacak ugå ing https://www.facebook.com/share/p/1DuAaq8DQy/

Tembõk dhuwur pidêkså

nanging cêlah mlõmpõng såyå åmbå.

Krangkèng wêsi katõn kukuh

nanging pranatan gampang dianyang

dõl-tinuku sarånå ngeglå lan nglåhå...


Ngungkuri lawang wêsi

kaadilan kêrêp ilang pênêre.

Kang kudune nggulåwênthah manungså

eee... malah bukak dalan gawe gêndrå

hêêmmm... "Wani pirå?" 🫴🫰


Kunjårå ora amung kanggo ngukum

samêsthine kanggo ndandani mental dhiri.

Lamun pangupådråwå (panggulawênthah) bõbrõk

sing rusak dudu amung tembõk

~~> nanging, bubrahe pangajap murih bali dadi manungså luwih bêcik.


~ lingsir wêngi, 071026 ~

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU