WEDHUS BANDHOT 🐏🐑🐏
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18oqJKKH6V/ Ing satengahe pasar kewan, ana pasangan bapak lan ibu lagi arep tuku wedhus kanggo acara sokuran. Ing kono ana sawijine bakul wedhus lagi nawake dodolane nganggo halo-halo... Bakul wedhus, " Bapak-bapak lan ibu-ibu, niki wedhus bandhot saking Garut kiyat sanget, sedinten saged kaping gangsal kawin kalih babon !". 🙂 Si Ibu karo mesam-mesem njiwit bojone : " Kae lho pak... sedina ping lima, bapak saguh ora.. ? " Bacute si bakul wedhus, " Bapak lan ibu, lha yen sing niki... enten wedhus bandhot saking Meduro langkung kiyat malih, sedinten saged ping sedasa ...!" 🙂 🙂 Si Ibu njiwit meneh bojone : " Nah.. pak, mung mangan suket ae bisa kaping sepuluh ..., bayangke jaall (jajal) .....!!! " Si Bapak dadi kemropok panas, nuli takon karo bakule wedhus, " Kang!!... iku ping sepuluh karo babon padha apa ora ...?" 😀 Si bakul wedhus semaur : " Nggih... beda-beda babon lhah ...