SAWAH BÊNGKOK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18ntNRTWms/
Ing jaman ora enak, nalika listrik isih byar-pet, pilihan lurah rame banget.
Ing desa Karangseta, calon lurah ana loro:
Pak Dulam > juragan gabah, kondhang murah esem.😄
Pak Katro > tilas Carik Desa, pidhatone dawa kaya rel sepur. 🛤
Sing dadi rebutan dudu mung kalungguhan lurah ... ning uga 'sawah bêngkok'
Sawah Bêngkok iku sawah jatahe lurah minangka bayarane.
Sing andadekake ngiler warga desa yaiku sawah bengkok lemahe amba, cedhak kali, banyu ilen-ilen lancar, panen pari bisa kaping telu setaun. 👍
Mulane, diwiwiti rebutan ngaruh ngrebut swarane warga desa.
Ing wengi-wengi sadurunge coblosan, warga diundang mangan gratis.
Pangusunge pak Dulam andum sega gurih pepak salawuhane.
Pangusunge pak Katro ora gelem kalah, "Sing penting warga wareg!", nuli mragat/nyembelèh wedhus.
Esuke warga padha bingung:
"Nek mangan ndhok omahe Dulam lawuhane pepak ... ning wedhuse Katro luwih empuk, piye jal!?" 😇
Wusanane warga nganggo jurus aman: awan mangan ing pangusunge Dulam, bengine tanduk mangan ing pangusunge Katro. 🤗
Dina pancoblosan sumedya, ✍️
TPS (panggonan nyoblos) ana ing Bale Desa. Kothak swara diyasa seka kayu. Paku pencoblos dicancang tali rapia.
Panitya kringeten jalaran pitike warga bola-bali mlebu TPS --sajak arep melu nyoblos ya 🤣
Siji mbaka siji warga nyoblos.
Ana mbah Wiryo sing mripate rabun, panitya takon: "Mbah, pilih nomer pinten?"
Mbah Wiryo bisik-bisik: "Sing sawah bengkoke paling cedhak kali wae ..."
Panitya bingung: "Lah niku gadhahane Desa, Mbah ..."
Pinuju pangetungan swara, swasana rada panas padha bekenengan.
Pangusunge pak Dulam bengok: "Nomer siji... wirya!" ✊️
Pangusunge pak Katro ora gelem kalah: "Nomer loro menang natas!" ✊️
Ujug-ujug ana wedhus deksura ora duwe tata, ngudhal-udhal nyuwek saperangan kertas swara.
Warga padha kaget lan gugup: "Wadhuh! Demokrasi diudhal-udhal wedhus!" 🫡🐐
Tujune kertas swara sing disuwek mung kertas kosong.
Wusanane pak Dulam menang tipis, kacek 3 swara.
Pak Katro legawa, nadyan karo gremengan: "Sing milih aku kepleset srinthil wedhus ... Heemm ..."🤗
Pirang wulan candhake pak Dulam resmi dadi Lurah.
Pendhak esuk, pak Dulam sregep ngubengi desa ... nanging anehe luwih kerep ngubengi sawah bengkok tinimbang kantor desa.
Warga wiwit nyelthuk: "Ahaa ..., jabatan lurah separo ngurusi rakyat, separo jaga sawah bengkok!"
Dadine, crita jaman dhek samana, pulitik desa iku prasaja, ora ana 'baliho reseksa', ora ana umbul-umbul lan poster, sing ana mung kreneng sega berkat lawuhan gule wedhus lan rebutan sawah bengkok. 😄🤚
- gagat esuk, 01626 --
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]

Komentar
Posting Komentar