KÉRATA BASA

    kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1Cuge8d4KH/

(Kagem cathetan tambahing kawruh, kepareng ndherek ambage seratan bab Kerata Basa kadudud saking sumber 'link' ing pungkasaning seratan, nuwun 👏)


Kérata basa yaiku bab negesi tembung utawa nggolèki surasaning tembung kapirid saka wancahané tembung utawa wandané tembung kang ditegesi mau, dijupuk cundhuk prayogané, diothak-athik, digathuk-gathukaké supaya mathuk.


  Tembung guru, upamané, yèn arep dikérata basa luwih dhisik kudu diwancah utawa dipecah didadèkaké wanda-wanda, yaiku dadi wanda 'gu' lan wanda 'ru'. Saben wandané tembung mau banjur diréka, dianggep kaya-kaya minangka tembung wod (tembung wod kuwi éwoning tembung kang mung dhapur sawanda), nuli diothak-athik diwènèhi teges kang gathuk lan mathuk karo tegesing tembung kang lumrah.

  Tembung guru kuwi mengku teges ’wong kang pagawéné mulang muruk ing pamulangan’. Tembung iki yèn dikérata basa bisa ditegesi ’digugu lan ditiru’, yaiku wanda gu diwènèhi teges rékan ’digugu’ lan wanda ru diwènèhi teges rékan ’ditiru’. Kanthi pangothak- athik, teges ’digugu lan ditiru’ kuwi dadi katon gathuk lan mathuk karo tegesé tembung guru. Conto tembung kérata basa liyané, kayata:

  siti : isi bulu bekti

  rambut : éramé kok lembut

  jangan : sejané dipangan

  kathok : diangkat baka sithok

  sruwal : saru yèn uwal

Kérata basa kuwi asring uga diarani jarwa dhosok. Diarani jarwa dhosok (jarwa = teges, dhosok = dhesuk) jalaran anggoné negesi tembung ing kérata basa kuwi mung adhedhasar pangéntha-éntha utawa pangothak-athik, kaya-kaya kanthi peksan, kanthi dhesekan utawa dhosokan. Ora mokal yèn tembung siji kuwi bisa dikérata basa dadi warna-warna.


  Tembung guru, upamané, kajaba bisa dikérata basa dadi ’digugu lan ditiru’, uga bisa dikérata basa dadi ’wagu tur kuru’, ’luguné yèn tanggal tuwa ora bisa turu’, lan sapituruté.


Kérata basa iku ana sambung rapeté karo étimologi, yaiku sesurupan bab nlusur asal-usulé (tegesing) tembung. Ananging, étimologi ing kéné dudu étimologi murni, dudu étimologi ilmiah, mung adhapur étimologi rakyat (volks etymologie). Diarani mangkono jalaran anggoné negesi tembung ing kérata basa kuwi mung adhedhasar rékan, adhedhasar pangéntha-éntha, kaya-kaya saben tembung kuwi minangka camboraning tembung-tembung wod.


  Pangertèn bab tembung wod ing kéné mesthi waé uga ora padha karo pangertèn bab tembung wod kang dicungulaké déning A.C. Vreede (1883) lan R. Brandstetter (1910). Téori bab tembung wod iku ing sakawit muncul saka panalitiné ahli basa rikala naliti basa-basa Indo-German, kayata, basa Sanskerta. Manut panaliti, tembung-tembung Sanskerta iku akèh kang didhapuk saka tembung wod. Amarga tembung-tembung Jawa iku ana (akèh) kang asalé saka basa Sanskerta, mula banjur ana panganggep yèn tembung-tembung Jawa iku uga didhapuk saka camboraning tembung wod. Kanthi mangkono, jeneng kérata basa kuwi bokmanawa kapirid saka tembung Sanskerta basa, banjur ing pakecapan dadi kerta basa – kérata basa.


  Lumrahé wong kang wasis ngérata basa kuwi banjur dianggep ahli utawa empu basa, yèn jejagongan banjur dadi paran pitakonan bab kérata basané sawernaning tembung. Panganggep kaya mangkono iki mesthi waé ora bener, ora trep karo nyatané, jalaran ngérata basa kuwi dudu pakarti ilmiah, mung dhapur othak-athik utawa pangéntha-éntha. Mulané, kérata basa utawa jarwa dhosok iku prayogané ora perlu diwulangaké marang murid utawa marang para siswa. Kérata basa beciké mung kanggo dhagelan utawa geguyon.


Puspa Rinonce

https://www.facebook.com/share/p/1BCuA4mcGT/

(Matur nuwun lan nyuwun idi bapa Joko Wiyono keparengipun ndherek ambage 🙏)


~ pajar sidik ~, 18626

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG