ADU JANGKRIK lan KROKOT
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1G6Wzp6hEm/
Sakumpulan bocah-bocah lanang ing sawijining kampung padha kangsenan/semayanan katemu sore-sore sawuse mulih sekolah. Padha nglumpuk ing taman ngisor wit-witan kang edum saprelu dolanan bebarengan yaiku adu jangkrik.
Adu jangkrik sawijining dolanan ing jamane kang durung kenal karo jaman sarwa digital kaya samengko iki.
Kepriye iku adu jangkrik?
đŒđđȘ đđđŁđđ đ§đđ yaiku dolanan kuna bocah-bocah ngupaya jangkrik loro ketemu adhep-adhepan diadu kekuatan, kegagahan lan swara ngerik sing nyaring swarane seru lan bening. Ora beda karo adu jago, mung bae adu jangkrik iki dolanan hiburan bocah-bocah. Dolanan adu jangkrik nate dadi salah sijine dolanan kawentar ing jaman samana, kejaba gangsingan, kenekeran, benthikan lsp.
Baleni crita bab jangkrik, apa kira-kira pakane jangkrik? Yen ora kleru jangkrik dipakani đ đ§đ€đ đ€đ©, yaiku sajinis suket-suketan sing godhonge lonjong, lonjoran wit-e gagang warna ijo rada semu abang, uripe mrambat racake ing pinggiran sawah utawa kalenan. (kapriksanan ing gambar)
Kanggo tambahing crita, godhong taneman krokot duweni kandhutan kang ora sethithik yaiku kandhutan asam lemak Omega-3 lan akeh kandhutan antioksidan. Krokot uga bisa minangka sumber mineral lan energi, jalarane taneman krokot iki ngandhut kalsium, sad besi, phospor, kalium lan natrium (nama unsur kimiawi).
Mangkono, kira-kira crita bab jangkrik lan pakane kang bisa dakaturake marang sutresna basa Jawa ngiras-ngirus nglelantih nulis basa Jawa.
Bilih mawi ngoko lan kirang jangkeping atur tuwin kirang trep anggenipun ngrakit tembung lan ukara, kepareng kula nyadhong pangaksama.
Nuwun đ
~ lingsir wengi, 14626 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]


Komentar
Posting Komentar