ALBUM BIRU
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/14kfurpnAP7/
Dakbukak album biru
kêbak blêdug kang wus lêthêk.
Daktamatake kabèh potrèt dhiri
cilik, putih suci datan pacålå.
Angênku nglambrang....
duk samånå winêngku sih katrêsnan
gêgambaran lakuning uripku manut pra kadang.
Critane, aku tansah dikêkudang
jarene, aku tansah digêgadhang.
Aku hamung anyêbut båpå
samangsa aku kadlarung datan pênêr.
Kang dakeling hamung båpå
lamun aku ngadõh ing paran.
Båpå-biyung tan nate sayah
kang tansah njurung jroning uripku
amaringi aku kabèh kang kalangkung endah.
Båpå-biyung, nadyan ånå utåwå ora ånå
tansah ånå jroning nålå
putrå-putri kang satuhu bêkti.
Darbèkku kang kaliwat aji iya mung kulawarga
kêdhatõn kang kaliwat têntrêm iyå mung kulåwargå.
Gêguritan kaliwat aji iyå mung kulåwargå
sêsotyå kumênyar iyå mung kulåwargå.
Sugêng enjing, biyung
sugêng enjing, båpå
Suryå ari puniki gêbyar sumunar
Matur nuwun, biyung
matur nuwun, båpå
mring kasantosan tumrap kulå prå putrå.
~ gagat-enjing, 26626 ~
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]


Komentar
Posting Komentar