ANGGÅNDÅ ARUM KÊMBANG MÊLATHI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1JPbT4opHc/

Kêmbang mêlathi putih mêmplak endah lan asri

Mêkrõk sore nalikå suryå sumusul wêngi

Gêgõdhõngan garing kumleyang kasinggõl sumilire erawati

Nanging sliramu panggah ngadêg ngugêmi janji.


Anggåndå arum rumêsêp ing jêro nålå

Nggåwå têntrêm sênadyan jagad lagi sulåyå

Kåyå dongå suci rinå wêngi dènanti

Mugå dadi mêmanise laku urip iki.


~ ndungkap esuk, 9626

        ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

        [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

ÅJÅ NATE MUTUNG

SINTEN TUMEMEN BADHE TINEMENAN ESTU

SWÅRÅ LÊMBAH KANG SÊPI -kagagas lan kaangên-