JERUK MANGAN JERUK
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1LQ8ZimJhr/
Andi lan Somad padhadene nyambut gawe minangka wakiling dodolan (agen) buku ing sawijine kang ngetokake (penerbit) buku. Sakloron wiwit cilik srawunge bisa kaaran sedulur sinarawedi, runtang-runtung dolan bareng nganti nyambut gawe. Cah loro kewajibane nawakake paket buku pawiyatan ing sekolah-sekolah. Agen buku wus netepake wilayah tugas, sisih elor kutha tugase Andi, sisih kidul kutha bageane Somad. Pembagean iku cukup adil kaangkah ora marakake rebutan lengganan.
Kocapa sawijine dina, Somad bisa gawe yakin/manteping marang sekolahan gedhe lan kondhang kanthi oleh pesenan paket atusan buku sing ajining kontrak gedhe lan komisine uga gedhe.
Sejatine cah loro iku anggone paseduluran wus suwe becik-becik bae, ora duwe rasa meren-merenan. Nanging ing kene si Andi wus pirang-pirang dina durung oleh pesenan sawijia. Andi sipat nakale metu, banjur sacara sesidheman nekani mring sekolah sing wis dikontrak pesenan dening Somad.
Dheweke, ya si Andi iku nyoba nemoni kepala sekolahe nawakake rega kontrak luwih murah sing wis diteken Somad. Eeee..., lha kok kepala sekolahe ya gelem, nuli murungake kontrake marang Somad. Esuke Somad dikabari seka sekolah kasebut yen pesenane di wurungake, iba kagete Somad. Somad nuli nekani sekolahan iku saprelu nanjihake apa alesane. Jebul ana rebutan rejeki kang ora elok ditindakake dening Andi.
Ing kantor Agen buku iku, dadi rerasanan rame para pegawe liyane, heemmm "đ đđ§đȘđ đąđđŁđđđŁ đđđ§đȘđ " kaya tetembungan iklan kang kondhang. Tega-tegane kanca raket mangan (ngrebut) rejekine kacane dhewe, dadi lan congkrahe cah loro, bubrah paseduluran kang wus suwe lumaku.
Banjure kira-kira apa kang bakal tumanduk marang cah loro iku? Bisa dibedhek! Gumantung kawicaksanane kepala kantor Agen buku iku.
Crita kasigeg, mung ngrembug pasemon 'jeruk mangan jeruk', yen diteruske mundhak mungkruk ngayawara. đ
Nuwun lan matur nuwun... đđ€
~ parak esuk, 12626 ~
✍️ đđčđ»đ ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar