MUKIDI DODOLAN, PASAR DADI RAME GEGER ORA KARUWAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1DGYDP169a/

Sawise bola-bali Mukidi minangka sing tuku (pembeli) gawe ulah, Mukidi angen-angen, "Nek dadi pembeli dhuwite ludhes bae, mendhing gentenan dodolan apa ya, beneya cepet sugih!" 😜


Sidane Mukidi bukak toko ing pasar. Dhek-e adol werna-werna barang : ana sandhal, topi, kaos, payung nganti tekan sentolop. Pokoke campur adhuk ora karuan kaya isi gudhang.


Ing ngarepan tokone kanggo narik kawigaten ana tulisane gedhe-gedhe :

           TOKO MUKIDI

REGA KENA DIANYANG, ANGGERE ORA KEBANGETEN

Waoww, lagi se- jam bukak, ana ibu-ibu mampir mandheg: "Mangkok iki pira?"

Wangsulane: "Kalih dasa ewu rupiah, setunggale, Bu."

"Apa bisa kurang?!" ujare si ibu.

"Nggih pun kula murahi, Sangalas ewu sangang atus sangang puluh sanga rupiah (19.999)." wangsulane Mukidi.

Si Ibu mlongo, "Wah, kurange mung srupiah!" đŸ« 

Mukidi, "Jenenge rak pun kirang, Bu" wangsulane kalem."


Ora let suwe, ana cah wedok mampir teka, "Sandhale iki pira, Mas?"

Mukidi, "Murah mbak, telung puluh ewu rupiah!"

Cah wedok, "Bisa kurang?!"

Mukidi, "Bisa!" 

Mukidi njur njupuk sandhal iku, nuli nggunting sithik sebagean tungkake. Karo ngelungke Mukidi clathu, "Nah iki wis kurang!"

Cah wedok iku kaget kaya arep nggeblak semaput, trus lunga karo grundelan, "Mukidi Mukidii dhasar gemblung!"


Ora let suwe teka bapak-bapak arep tuku payung, "Payung iki kuwat ora ya?"

Mukidi, "Kiyat, Pak!"

Si Bapak, "Wis tau dicoba?"

Mukidi, "Sampun!"

Si Bapak, "Piye asile?"

Mukidi, "Nalika jawah kula tetep teles, Pak!"

Si Bapak, "Lho?!!"

Mukidi, "Soale payunge kula tilar teng griya" đŸ€ŁđŸ˜…đŸ˜† Wadhuh!!


Nyedhaki awan, dodolane wiwit rame sing mampir, Mukidi tambah gyak semangat.

Ana cah cilik takon, "Om, sentolop iki padhang ora ya?"

Mukidi langsung ae ngurupke disorotke nang raine bocah iku, "Nah, dadi cetha ta!"

Mesthine bae bocah cilik iku keweden nuli bengok-bengok karo mlayu. Wong sapasar dha ngomeli Mukidi, tangga-tangga tokone geleng-geleng saka polahe Mukidi gawe geger.


Sangsaya ora nggenah meneh, nalika ana sing arep tuku kaos.

"Mas, ana ukuran XL?"

Mukidi nggoleki karo ngubeg-ubeg.

si Pembeli, "Ana ora, Mas?"

Mukidi, "Ana!" 

si Pembeli, "Endi?!"

Mukidi, "Rung ketemu!"

si Pembeli, " Jarene ana?"

Mukidi, "Iya, ana nang daptar stok, ning barange embuh iki?" đŸ˜‚đŸ€Ł


Ngarepke sore, Mukidi ngetung asil dodolane, "Piye Di? Laris?"

Mukidi mesem kecut, "Laris guyonane!"

Tanggane, "Karepe piye?!"

Mukidi, "Sing arep tuku dha teka akeh, akeh uga sing ngguyu, ning sing tuku mung wong loro!" đŸ«ĄđŸ€­

Tanggane, "Trus, bathi pira?"

Mukidi karo bukak laci, "Nek dietung dhuwite sih, rugii!"

Tangga, "Yen ngguyune?"

Mukidi, "Gedhe bathine!???" haha hahaaa đŸ€ȘđŸ€Ș😝


Kawit esuk, tokone Mukidi kondhang ing sapasar iku. Ora merga barange murah, nanging merga sing padha tuku mulih bisa ngguyu lan celathu: "Yen blanja nang nggone Mukidi, durung besthi entuk barang, nanging mesthi entuk panglipuran." đŸ€Ș😛😂


~ parak esuk, 23626 ~

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG