WEDHUS BANDHOT 🐏🐑🐏

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18oqJKKH6V/

Ing satengahe pasar kewan, ana pasangan bapak lan ibu lagi arep tuku wedhus kanggo acara sokuran. 

Ing kono ana sawijine bakul wedhus lagi nawake dodolane nganggo halo-halo...


Bakul wedhus, "Bapak-bapak lan ibu-ibu, niki wedhus bandhot saking Garut kiyat sanget, sedinten saged kaping gangsal kawin kalih babon!".


🙂 Si Ibu karo mesam-mesem njiwit bojone : "Kae lho pak... sedina ping lima, bapak saguh ora.. ?


Bacute si bakul wedhus, "Bapak lan ibu, lha yen sing niki...  enten wedhus bandhot saking Meduro langkung kiyat malih, sedinten saged ping sedasa...!" 🙂


🙂 Si Ibu njiwit meneh bojone :

"Nah.. pak, mung mangan suket ae bisa kaping sepuluh ..., bayangke jaall (jajal) .....!!!"


Si Bapak dadi kemropok panas, nuli takon karo bakule wedhus,

"Kang!!... iku ping sepuluh karo babon padha apa ora...?" 😀


Si bakul wedhus semaur :

"Nggih... beda-beda babon lhah Pak..!" 😉


Si Bapak:

"Nah... Bu, babone beda-beda jal ... yen babone ganti-ganti bapak ya saguh-saguh ae...!!" đŸ€ȘđŸ« 

"Ihh... genit si bapak.. dhasar bandhotan..!!", si Ibu njiwit luwih rosa. đŸ™„đŸ«Ą 

si Bapak cengar-cengir, "Nggih mpun,   bungkuus!!, eh maksud ku, bandhot sing seka Medura niku sing tak-cim aliyas takpilih!" 😀🙂


Hahaha, hiihihi.... ckk ckk ckk....😁😃😀😄

hehehe... ora pareng ngeresss, 😉 semangat ... semangat....!! 


~ guyonan esuk-esuk, 30626 ~

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

            [^__^]  [^__^] 




Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG