Si ANAK ILANG

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1KNV4KxvdR/

Kacarios, wonten tiyang gadhah anak jaler kalih.

Anak ragil matur bapakipun: "Bapak, keparenga kula nyuwun bagean kula saking sadaya ingkang badhe panjenengan warisaken."

Bapakipun estu andum warisanipun dhateng lare kalih kanthi adil.


Ing satunggaling dinten si wuragil nyade sadaya bagean hak warisan ingkang pundarbeki, lajeng pamit kesah dhateng njawi dhaerah/pulo. Anggenipun ngumbara punkatog-katogaken, gesangipun ngebreh-ebreh mburu sukan-sukan ngantos katelasan yatra. Tumuli piyambakipun bingung kangge nedha sampun boten kuwawa awit yatranipun sampun ludhes. Pramila kapeksa mberah ngenger dhateng juragan sapi. Pedamelanipun ngrimati sapi-sapi, saben enjing ngguyang sapi kaliyan pados suket-suketan pakan sapi. 


Anggenipun ngenger kados mrihatosaken, sarapan sawontenipun, dening juragan namung punparingi sekul pethak boten mawi lawuhan, kadhang sok boten sarapan. Si wuragil kala-kala kepengin nedha roti, ewasemanten boten wonten ingkang purun nyukani. Salebeting kaliren piyambakipun nuli kemutan buruh-buruh bapakipun. Ing batos nggrahita: "Buruhe bapak akeh bisa mangan sawarege, dene aku ing kene mangan rekasa nganti kaliren."

Piyambakipun lajeng gadhah krenteg badhe wangsul ing dalem bapakipun, kalihan badhe matur: "Bapak, kula nyadhong pangapunten sampun damel cuwanipun Bapak, kula sampun boten patut dados putranipun Bapak." 

Temenan estu, si wuragil enggal wangsul. Saking katebihan bapakipun pirsa kledhang-kledhang si wuragil, tumuli mapagaken, ngrangkul lan ngarasi pipi si wuragil. 

Si wuragil matur: : "Bilih kepareng kula wangsul dados berah boten punapa-punapa, pak, awit kula sampun adamel dosa dhumateng Gusti Allah lan damel cuwa penggalihipun Bapak." 😭👏

Nanging sang Bapak dhawuh dhateng abdinipun: "Jupukna lan enggonana sandhangan sing resik lan apik dhewe ya, lan enggala mragat pedhet kang lemu dhewe merga anakku sing wis mati urip meneh, sing ilang wis bali ketemu meneh!"


Makaten menggahing carios wangsulipun anak ical ingkang sampun mratobat lan katampi dening bapakipun kanthi welas asih kebak sih katresnan tuwin paring pangaksama. đŸ«°


Nuwun, nuwun... 

Gusti amberkahi... Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


~ gagat enjing, 28626 ~

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG