WARUNG PÊNYÈTAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1Lkq9Qe82S/

Bokbilih tetembungan 'Warung Pênyètan' sampun mratah ing kathah panggenan. Punapa ta warung penyetan?

Penyètan tembung nggen-nggenan lingganipun penyèt ateges ênêt, pênêt, êsuk pun tipisaken.

Warung Penyètan mratelakaken wande ingkang sadean maneka lawuhan goreng (tahu, tempe, lele, ayam lsp) ingkang dipun pênêt campur glepung lan sambel. Racakipun tetedhan punika rencangipun lalapan seger lan sekul anget kagem sarapan raosipun mak nyus murugaken tanduk sekul saenthong malih. 🍽


Warung Penyetan kathah-kathahipun saged pun prangguli ing pinggiran kampung kang kebak griya masarakat. Warung Penyetan, wontenipun celak-celakan ampingan kalihan Warung Tegal (Warteg).


Senadyan tetedhan, dhaharan lawuhan wau ketingalipun prasaja (sederhana) nanging antawisipun wande setunggal lan setunggalipun cara ngolah lan ngladosaken boten sami. Wonten ingkang resikan nanging boten sekedhik ingkang nglirwakaken njagi resikan anut tata boga ingkang sehat. Cara ngolah lan ngladosaken punika kunci laris botenipun wande punika piyambak. Wande ingkang ketingal resik saged nggeret calon tetiyang ingkang kraos luwe pados tetedhan. Temtu mahurhuran, bs.kw (persaingan, bs.Ind) gumantung caranipun ngolah lan ngladosaken kala wau.


Makaten bokbilih saderma seratan kang saged kula aturaken ing ngriki. Kathah kirang jangkepipun andharan bab Warung Pencetan, sumangga kasuwun paring wimbuhan pratelanipun... nuwun lan matur nuwun. 👏


Salam rahayu kang mawantu-wantu

Gusti amberkahi... Aa_aamin 🙏


~ ndungkap siang, 03626 ~

        ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

      [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG