TUMEMEN DONGANE BAKUL TEMPE, TINEMENAN MUKJIJATE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/r/14eDe7sHt8m/

Ing sawijining desa ana simbok kanggo nyambung uripe gaweane ora ana liya yasa lan sadean tempe. Ewasamono, dheweke babar pisan ora tau ngersula.


Uripe prasaja sarwa sukarena, "Tempe iki mengko kang nglumantarake aku menyang swarga, kenapa aku kudu nggelani lan ngersula?", mengkono anggone ngrenggani uripe.


Esuk- esuk, simbok iku menyang pawon njupuk buntelan tempe njur diselehke ing ndhuwur meja.


Nanging..., tempe sing arep didol durung dadi isih wujud dhele malah isih ambyar durung nyawiji karo ragine. Sajake lali yen kira-kira isih kudu ngenteni sedina engkas supaya bisa diadol.

Lemes rasane awake, cupet pikire, piye dina iki bisa oleh dhuwit kanggo mangan lan pawitan tuku dhele meneh?


Si bakul tempe iku duwe pengarepan, dheweke ngerti yen nyuwun karo Sang Pancipta mesthi ora ana kang mokal. Mulane banjur klawan tangan sidheku ndedonga :

"Dhuh Gusti Paduka pirsa kawontenan kawula. Kawula mangertos bilih Paduka angasihi abdi Paduka ingkang sekeng punika. Nyuwun pitulungan dhuh Gusti, dadosaken tempe punika. Inggih namung dhumateng Paduka kawula pasrahaken."


Jroning ati dheweke yakin, Sang Pancipta bakal ngijabahi dongane. Kanthi mantep dheweke ngenet godhong buntel tempe lan krasa anget ing tangan.

Pancen rumesepe ragi isih lumaku, karo dheg-dhegan bakul tempe iku bukak godhong buntel tempe. Nanging kuciwa, tempene iku isih durung owah.

Kanthi esem kang dipeksa karo ngadeg dheweke yakin yen Sang Pancipta lagi nglimbang dongane, tempe iku mesthi enggal dadi, yakin dene Gusti paring pitulungan abdine kang setya ngibadah.


Sinambi nglebokake buntelan tempe ing kranjang, simbok bakul tempe donga meneh (karo setengah meksa??) : "Dhuh Gusti Ingkang Maha Wikan, kawula pitados bilih Paduka boten wonten ingkang mokal, Paduka inggih ngauningani bilih boten wonten ingkang saged kawula lampahi kejawi sadean tempe. Mila makaten nyuwun tulung nginabulaken pandonga kawula... Aa_aamin." 🙏


Ringkesing crita, bakul tempe enggal budhal menyang pasar.

Sadalan-dalan, dheweke saking adrenge kebak keyakinan dene Astane Gusti kang nyampurnakake rumesepe ragi ing tempene.


Tekan pasar sawuse nyelehake kranjange alon-alon bakul tempe iku bukak buntelan tempe.. eeee... la dalah kok isih panggah durung dadi tempene?

Eluhe netes ing pipine sing wus kisut. 😱


Kenapa dongaku ora diijabahi?

Kenapa tempe iki ora dadi?

Apa Gusti ora kersa mitulungi aku?

Apa luputku?

Pitakonan-pitakonan iku mbulet ing pikirane. 🙈


Klawan lemes kae, digelar tempe sing durung dadi ing kranjang sing wus dicepakake, karo setengah ora yakin yen ana sing gelem tuku.

Ing batin, "Gusti wus nilarake aku..." eluhe sangsaya dleweran... 😭, mbayangake sesuk ora bisa dodolan meneh.


Karo mlenggong nyawang umyeke pasar, kanca-kancane sing padhadene dodolan tempe wiwit tata-tata mulih, dagangane wus entek.

Tambah nelangsa, karo ngeling-eling durung tau ngalami kedadean kaya mangkene iki. Ora nate yen tempene ora dadi, merga lali yen sejatine isih kurang sedina. 


Ing satengahe kasedhihan kang dirasakake dumadakan ana sing nepuk pundhake.

Simbok bakul tempe iku noleh, ana piyayi putri setengah sepuh mesem nyawang dheweke, "Ngapunten mbok, napa sampeyan gadhah tempe setengah dados..? kula mpun muter-muter wiwit enjing dereng manggihi..?"

Bakul tempe iku mung mlongo, ndomblong saking gumune... 🙄

Sanalika praupane setengah pucet, tanpa mangsuli, ndremimil donga, "Dhuh Gusti, wekdal sapunika kawula boten kepengin tempe punika dados, sampun ngantos Paduka ngabulaken donga kawula kalawau. Kersanipun buntelan tempe punika dereng dados..., Aa_aamin..." 🙏


Simbok bakul tempe tanpa mangsuli ibu iku, enggal njupuki buntelan tempe-tempene. Karo gojag-gajeg nyelehke maneh, aja-aja tempene wis dadi.

"Pripun mbok...? Napa gadhah tempe setengah dadi?" pitakone piyayi putri ngagetake.


"Dhuh Gusti... kados pundi punika?" karo mbingungi bakul tempe iku mangsuli gugup, " Ohh... nggih-nggih .., niki wonten bu!"

Karo ndhredheg dheweke mbukaki buntelan tempe sing isih anget..., apa sing diprangguli? tempene isih panggah durung dadi... 

Lega rasane simbok bakul tempe iku.🙂


Enggal dheweke ngelungke buntelan tempe sing durung dadi iku menyang ibu iku. Karo mbungkusi takon, "Kok ibu ngersake tempe sing dereng dados..?"😇


Si ibu iku ujar, "Ohh... ngaten mbok, anak kula sing nembe sekolah S-2 ing Korea pengin sanget nedha tempe asli damelan ngriki. Mila benjing ajeng kula beta, dumugi ngrika taksih enggal lan eca pun tedha. Oh nggih...., sedaya pinten mbok..?"


Rada rangu kae bakul tempe aweh wangsulan, "Seket ewu mawon bu, menawi kawisen saged kirang, margi tempene rak dereng dados."


"La yen pun dados regine njur pinten mbok?", pitakone ibu iku.

"Wah menawi pun dados saged 200 ewu bu", wangsulane bakul tempe jujur.


"Nggih pun niki 300 ewu, sing 200 ewu tempene, sing 100 ewu raos matur nuwun kula sabab yen sampeyan boten gadhah sing setengah dadi, anak kula mesthi gela sanget boten saged ngrasake tempe asli damelan Indonesia.", si ibu iku karo ngelungke telung lembar atus-ewonan

Bakul tempe iku mung ndomblong, tekan ngomah nangis lan donga atur panuwun kaparingan mukjijate Gusti.


Para sutresna PBJ...,

salebeting gesang sadinten-dinten, kita asring ndedonga lan meksa Gusti maringaken punapa ingkang miturut kita kaanggep cocok enggala winujud, nyuwunipun ngedrel kados lare alit.

Lan...., nalika kita donga estunipun boten kados punapa ingkang kita suwun, lajeng nggadhahi pamanggih bilih Gusti boten ngabulaken, rumaos puntilar, kuciwa lsp..lsp.

Pramila donga kanthi tumemen lan punlandhesi kapitadosan bilih mukjijatipun Gusti tinemenan estu kaparingaken!.


Seyektosipun, ing kawontenan kados makaten Gusti sampun kagungan rancangan ageng kang sae piyambak tumraping kita.

Kacatheta, bilih rancanganipun Gusti tansah sarwa SAMPURNA. Kadosdene ing crita nginggil bilih tempe setengah dados boten badhe dados tempe ing salebeting wekdal rikat.


Pramila prayoginipun boten nyuwalani rancanganipun Gusti ingkang sampun dados panetepanipun. Donga pancen wajib ananging asilipun gumantung Karsanipun Gusti. "Sampun ngantos ndedonga datan pamarsudi lan sampun ngantos pamarsudi datan ndedonga!"


Mugi Gusti amberkahi... Aa_aamin 🙏


~ gagat enjing, 6626 ~

         ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

          [^__^] [^__^] 




Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG