AKARYA KASELARASAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18vLgK8S3r/

Kendhang boten badhe sekeca punpirengaken bilih nabuhipun sasekecanipun piyambak, temah para niyaga gamelan sanesipun boten saged nylarasaken wirama gendhingipun. Mila makaten dipun damel tatanan, supados kita ngasilaken wirama kang merdhu lan laras. Makaten ugi tumraping gesang, budi lan solah bawa kita kedah salaras kaliyan darmaning agesang.


Paugeran dipundamel supados sadaya lumampah gangsar lan tertib nut wirama samesthinipun. Nanging wonten kemawon ingkang nyempal. 'Talenta' wujud berkah kanugrahan saking Gusti yogyanipun boten kaagem sasekecanipun piyambak boten maelu paugeran kang sampun pinathok.


Talenta, kadosta nyanyi, kewasisan memucal malah gagasan awujud pangandikan ing pasrawungan kedahipun punagem sacara ginantosan boten rebutan. Prayoga ing pasrawungan punapa kemawon, duka punika ageng utawi alit upami ing pirembagan (rapat, bs.Ind) nengenaken prelunipun mirengaken lan paring wewengan wekdal (kesempatan) dhumateng ngasanes, ajen-ingajenan ngangkah ciniptanipun kasalarasan lan guyub rukun satemah pikantuk asil ingkang sinedya punsarujuki sesarengan.


Semangat gotong royong wewaton kang dados pandom enering satunggaling pakumpulan, murih sanggyaning anggota sageda tansah samya ngemong antawis satunggal lan satunggalipun.


Nuwun, 

rahayu kang sarwa tinemu

bagas saras kang linaras

mugi Gusti tansah amberkahi

Aa_aamin 🙏 A__aamin 🙏


~ ndungkap enjing, 16626 ~

           ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU

ÅJÅ NATE MUTUNG